Senin, 01 April 2019

Babad Kedu




Babad Kedu membahas sejarah awal mula tersebarnya islam di daerah karesidenan Kedu, khususnya wilayah antara gunung Sindoro dan Sumbing. Babad Kedu juga menceritakan awal mula masyarakat daerah Sindoro-Sumbing bercocok tanam dengan menggunakan padi, dan yang paling dikenal sampai saat ini yaitu awal mulanya daerah ini mulai menanam tembakau. Selain itu, juga menceritakan sebab-sebab penamaan beberapa daerah di wilayah gunung Sindoro dan Sumbing, yang hingga saat ini masih bisa dipastikan kebenarannya.
Penulis berusaha menyampaikan sejarah tentang wilayah Kedu sesuai naskah asli yang telah dibukukan oleh H.Ch. Sudarmadi yang  merupakan Pimpinan Padepokan Makukuhan, Magelang.
Sekian sepatah dua patah kata dari penulis. Mohon maaf atas segala kata yang mungkin kurang berkenan di hati pembaca. Segala kelebihan itu hanya dari Allah SWT, dan segala kekurangan dari penulis semata. Semoga kisah Babad Kedu ini bisa bermanfaat bagi kita semua sebagai teladan dan contoh untuk selalu bekerja keras dan pantang menyerah dalam melaksanakan niat yang baik.

Temanggung, 29 Januari 2015


Nahayu




 ************************


Murwakani Atur

Sampun mboten saget dipun selaki saha sampun dipun akeni dening para winasis ing babagan penulisan sejarah riwayat sugengipun para wali, riwayatipun para dewa wonten pewayangan, bilih nyerat sejarah puniku mboten gampil.
                Tembung sejarah saperangan tiyang wonten ingkang kirtobasa saking tembung disejo lan di arah-arah, ing pangangkah saget trep lan luwes. Amargi ndherek kasunyatan ing bebrayan puniko bilih crita rakyat, dongeng, patilasan makam, lan ugi pundhen-pundhen anggadahi crita inkang beda.
                Makaten ugi kangge nyerat riwayat sugengipun ‘Ki Ageng Makukuhan’ mboten selak menawi mangkehipun kacariosaken nalisen silsilah utawi nawi menika mboten wonten maksud badhe malsu nami tahun sugengipun, punapa malih badhe niat mengkultusaken (mendewakan). Jer kita nglenggana sedaya kekirangan wau awit saking kirangipun penulis ing babagan seserepan lan bab paramasastra dalah ora basa.
                Niat luhur kita sageta buku alit punika kangge paugeran para putra wayah Padepokan Makukuhan, ingkang mapan wonten Tidar Warung, Kota Magelang. Kacarios panjenenganipun Ki Ageng Makukuhan asma asli Ma Kauw Han.
·         Ma         = Muhammad
·         Kauw     = Tuan yang diagungkan (raja)
·         Han        = Tunggal
Kawastanan Ki Ageng Kedu, jumbuh kalihan lenggahipun wonten kukuban Kedu. Wondene ingkang ndherek kukuban kedu inggih menika :
·      Kabupaten Temanggung
·      Kabupaten Wonosobo
·      Kabupaten Purworejo-Kebumen
·      Kabupaten Magelang
Pandhita muslim bawa laksana. Lire kang berbudi, hanggung seneng geganjar :
·      Remen paring sandang marang wong kawudan
·      Remen paring pangan marang wong kang kaluwen
·      Remen paring toyo marang wong kang kesaliten
·      Remen paring suluh marang wong kepetengen
·      Remen paring teken marang wong kang kalunyon
·      Parendene panjenengan saget maluyoalun tiyang sakit kadi sukaning prihatin
Dene bawa leksana minangka sifat luhur :
·      Ambeg paramarta sugih pangapura
·      Teguh pingkuh lan mingkuh salising kewuh, kadya adeging gunung waja
·      Pangandhikane tan kena wola-wali
·      Kagungan gulu begawan, weteng segara kang sarwa-sarwi sakaliring reh
·      Pantes tinulad tinuladha dening sesami, lan mbedaake kapitadosan AGAMI
Panjenenganipun Ki Ageng Makukuhan kagungan pusaka minangka srananipun tiyang gesang.
1.    Keris Kyai Sumpyuh
Kagem seni srana maluyahaken tiyang sakit, sakit jiwa raga lan ugi rasa.
2.    Tumbak Kyai Garu
Kagem seni srana rahayuning kawula pedaringan lan ugi tetanen.
Pusaka kekalih kala wau sakmenika dados tetunggalipun Padhepokan Makukuhan wiwit tahun 1973 ngantos dinten menika.
                Mekaten ingkang saged penulis aturaken, mugiyo saget andadosno tambahing seserepan katur para maos. Penulis ugi ngantu-antu panyarue saking sok sinteno kemawon murih sampurnaning buku punika.

Magelang, 20 Agustus 2004 M
10 Jumadilakir 1425 H

Pangimpun,


H. Habib Sudarmadi











Gelar Santri Songo Penerus Wali Songo


Asma
Gelar
Palenggahan
1
Seh Sabil (Usman Haji)
Sunan Ngudung
Ngudung (Jipangpanolan)
2
R. Umar Said
Sunan Muria
Jeporo
3
R. Sayid Muhsin
Sunan Wilis
Cirebon
4
R. H. Usman
Sunan Manjuran
Mondoliko
5
R. Patah
Sunan Bintoro
Demak
6
R. Jakandar
Sunan Bangkalan
Madura
7
KI Ageng Pandhanaran
Sunan Tembayat
Klaten
8
Makukuhan (Joko Teguh)
Sunan Kedu
Kedu, Temanggung
9
Ki Cokrojoyo
Sunan Geseng
Loano (Purworejo)




















I.                    Gagaklodra Ngrabasa Tie Lieng Sieng

Nalikane jaman kerajaan Demak ing antarane abad XV, ing tlatah kudus ana pondhok pesantren dumunung ing desa Glagahwangi. Dene kang minangka pangarsane pondhok yaiku panjenengane Sunan Kudus. Ing wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarane, amung kari sisa-sisaning negara kang dumadi saka negara cilik-cilik. Salah siji saka negara iku negara Capit Urang kang ora seneng marang kerajaan Demak, awit Demak darbe sedya nedya ngislamake tanah Jawa. Masjid Tie Lieng Sieng salah sawijining masjid kang digunakake minangka papan pasinaone santri-santri Glagahwangi muride Sunan Kudus. Santrine Sunan Kudus akeh, nanging sing katon manjila mung ana cacah sanga, katelah santri sanga.
Nuju sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben dinane, masjid Tie Lieng Sieng kebak santri-santri kang padha nindakake sholat subuh. Swasana tentrem awit kasiram adheming bun wanci bangun, dumadakan dikagetake dening panjeriting bakul-bakul pasar kang ora adoh saka masjid kono. Wong-wong padha pating jlerit kamiweden. Sabab tanpa kanyana-nyana dagangan kang lagi wae ditata diosak-asik prajurit Capit Urang kang dipandhegani Gagaklodra. Solahe wong-wong pasar padha pating bilulung salang tunjang nylametake awake dhewe-dhewe, tanpa mikir dagangan. Kabeh padha wedhi, giris miris, meruhi tandange Gagaklodra sawadyane kang tanpa rasa kamanungsan gawe rurusuh jroning pasar. Tanpa diabani enggal gadhepi angamuke Gagaklodra sakancane.
Nanging sepira ta dayane para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit sing asikep gagaman ampuh. Ora nganti suwe, para santri kaseser anggone nandhingi prajurit Capit Urang. Akeh santri kang keplayu ngungsi urip, mangkono uga santri sanga padha tingga glanggang colong playu. Ing antarane santri sanga iku kang dimangerteni jenenge ana telu yaiku Sirojul Munir, Makukuhan (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh Gufron.
Makukuhan kamigilan weruh tandange Gagaklodra. Karana rumangsa ora keconggah ngadhepi mungsuh. Makukuhan mlayu saparan-paran golek slamet. Gagaklodra ditutake sawatara wadyane mbledig playune Makukuhan. Bareng tekan tlatah Sirandu, Makukuhan wes kentekan tenaga, ora bisa ngglawat maneh, temahan kasil kepikut dening Gagaklodra sawadyane. Makukuhan ora bisa bangga, anane mung pasrah, lan ngrasa bakal tekaning pati.
Saranduning awak kabeh tatu. Ing nalika Gagaklodra sakancane padha milara Makukuhan, dumadakan ana swara tanpa rupa sing ora kasumurupan dununge. Swara tanpa rupa iku ngundamana lan semu nantang marang Gagaklodra. Anggone nguman-uman ndadak nganggo tembang Dhandhanggula kang unine mangkene :
Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mlasara pepadhane
Yen nyata sira iku
Sraya king nagri majapahit
Aja sira anggembela (turah 1)
Adhepana ingsun
Ingsun tan bakal lumayu (a)
Hangadhepi manungsa lir sana sunu (i)
Kuru tur tanpa bayu (a)
Krungu swara tanpa rupa kang mangkono kuwi, Gagaklodra dadi cingak. Rasa cingak ndadekake rada kendho anggone milara Makukuhan, temahan padha clingukan nggoleki arahing swara, tanpa kanyana-nyana ana wewayangan sarwa putih kumlebat nyaut Makukuhan sing wis tanpa daya.
                Sakedheping mripat wewayangan putih iku musna barang lan ilanging Makukuhan saka papan kono. Gagaklodra sakanca kaget marang kedadean kang sarwa cepet iki. Sanadyan diubres ing ngendi papan ora ketemu. Grumbul-grumbul dipiyak, ya ora ketemu. Gagaklodra atine mangkel banget.
                Sabanjure lelakone Gagaklodra ora usah dicritakake. Saiki dibacutake lelakone Makukuhan kang ditulungi pawongan nyalawadi. Sapa ta sejatine sing nylametake Makukuhan iku mau? Pawongan nyalwadi iku ora liya Kyai Kasan Besari, ya sing kere disebut Ki Jenggot Putih. Sayektine Ki Jenggot Putih wis sawatara suwe anggone ngulatake lakune Gagaklodra sakanca.                                                                                                                                                          Mula, nalika Makukuhan dikroyok Gagaklodra nganti tatu arang kranjang, enggal-enggal aweh pitulungan. Makukuhan dipanggul Ki Jenggot Putih, Makukuhan bakal digawa ing padhepokan Syeh Maulana Gharibi ing padhepokan Argaluwih.
                Ana ing padhepokan Argaluwih, Makukuhan ditambani dening Syeh Maulana Gharibi nganti waras. Sajroning ngupakara tatune Makukuhan mau, Syeh Maulana Gharibi direwangi anake wadon sing jenenge Sri Lintang Kedhaton. Apa wae sing dadi kebutuhane Makukuhan tansah dicukupi Sri Lintang Kedhaton. Sawise sawatara dina, Makukuhan wis waras.
                Sarawungan antarane Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton iki, suwening-suwe nuwulake rasa sengsem sakarone. Dhasare Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha bocah enom kang lagi nedheng brahi, Ki Jenggot Putih tanggap marang glagate bocah, mula tuli matur marang Syeh Maulana Gharibi supaya bocah loro iku didhaupake wae. Syeh Maulana Gharibi ora kabotan. Sawise nemtokake dina kang prayoga, Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton dinikahake. Kanggo mbuwang tilas lan supaya ora konangan Gagaklodra sawadyane, Makukuhan banjur ganti jeneng Jaka Teguh. Opo maneh Joko Teguh wis kaparingan ilmu kanuragan lan kasekten karo Ki Jenggot Putih, kabeh mau wis bisa dindelke kanggo jaga pawongan ndolim.

II.                  Dumadine Sukoreja

Ing sawijining dina, Syeh Maulana Gharibi ngarsakake nggelar kataman. Jroning upacara kataman kuwi Syeh Maulana Gharibi kapareng jumeneng ing sangarepe para santri, sarta paring pangandikan. Isining pangandikan warna-warna, lan kabeh ngandhakake ngenani gumelaring kawruh sarta gegebenganing ngelmu. Wusananing pangandikan, Syeh Maulana Gharibi kersa paring jeneng wewengkon padhepokan Argaluwih sakiwa tengen konko kasebuto Desa Sukorejo. Awit padhepokan Argaluwih wis klakon bisa gawe suka lan gambiraning para kawula padesan sakiwa tengen.  Anggone paring tetenger   sukoreja mau mbarengi ing dina Kemis Pahing tahun 1386 B/M.
Nalika upacara kataman kuwi, Ki Jenggot Putih uga melu anekseni. Dadi wiwit Makukuhan ya Jaka Teguhdigawa aneng padhepokan Argaluwih, nganti tekan upacara kataman, Ki Jenggot Putih isih cumondhok ing kono uga. Sarampunging upacara kataman, Ki Jenggot Putih pamit marang Syeh Maulana Gharibi sakaluwarga, bakal nutugake tindake. Syeh Maulana Gharibi amung nyumanggakake marang karsane Ki Jenggot Putih. Sadurunge budhal, Ki Jenggot Putih paring itungkas marang Jaka Teguh. Isining pitungkas kuwi, supaya Jaka Teguh melu cawe-cawe nindakake jejibahan suci, yaiku nyebarake agama Islam ing tanah jawa. Jaka Teguh matur yen saguh. Ki Jenggot Putih marem atine krungu kasaguhane Jaka Teguh, lan mrayogakake sadurunge miwiti pakaryan iku luwih dhisik supaya Jaka Teguh manggihi Kanjeng Sunan Kalijaga, ing pamrih antuka pituduh nggone bakal nindakake syiar agama Islam.

III.                Jaka Teguh Kepethuk Sunan Kalijaga

Ki Jenggot Putih wis sawatara sasi anggone ninggalake padhepokan Argaluwih. Nanging, ing saben-saben Jaka Teguh isih tansah kelingan marang apa kang dadi dhawuhe Ki Jenggot Putihya Kasan Besari. Luwih-luwih yen pinuju wanci bengi, apa kang dingendikake Ki Jenggot Putih isih keprungu cetha neng talingan.
“Jaka Teguh, sira darbe sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena sinangga entheng, nanging pakaryan iki mujudake pakaryan kang suci. Wujuding jejibahan gedhe iki, yaiku sira kudu melu cawe-cawe lan nyengkuyung, sumebare agama Islam ing tanah Jawa. Amung, sadurunge sira miwiti akaryan agung iki, lueih dhisik sira nyuwuna pangestu marang Kanjeng Sunan Kalijaga.”
Pangandikane Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakake nganti rumasuk jroning sanubari. Jaka Teguh dadi tansa goreh rasane. Awit ing wektu kuwi garwane Jaka Teguh lagi mbobot watara umur patang sasi. Yen mituhu dhawuhing guru,ateges kudu pisah karo bojo, ing kamangka durung suwe nggone dhaup. Yen mung tansah ana padhepokan wae, gek ya piye. Sawise dilimbang-limbang sawatara dina, Jaka Teguh tumuli mrentul tekade. Tekad kang dilandhesi karep kang kuwat. Tansaya golong giling tekade Jaka Teguh, bakal mituhu dhawuhe Sang Guru kanthi gelenging kalbu.
                Ing sawijining dina kang dirasa prayogi, Jaka Teguh ngadhep marang marasepuh. Kanthi patrap kang kebak tata-krama Jaka Teguh ngaturake kabeh kang dadi sedyane. Krungu ature Jaka Teguh, Syeh Maulana Gharibi ora kabotan, kepara mbombong sarta paring pangestu lan panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang Kedhaton, sanadyan abot rasane bakal ditinggal ing bojo, nanging karana tindake kang garwa iku darbe ancas nyangkut jejibahan luhur, sanadyan abot ya nglilakake lungane garwa. Sawise tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan bhudal. Kaya ngapa sedhihe kang garwa kang tinilar ing kakung. Syeh Maulana Gharibi ora tega yen budhale Jaka Teguh amung ijen, mula ndhawuhi santri loro supaya tansah ngetut lakune Jaka Teguh, sisan dadi kanca rowang ana dalan. Santri loro kuwi, yaiku Bah Beo lan Bah Gedruk.
                Budhale Jaka Teguh saka padhepokan Argaluwih  pinuju ing wanci bangun esuk sabubare nindakake shalat Subuh. Budhal dikanccani Bah Beo lan Bak Gedruk. Lakune mangetan. Sajroning lumaku akeh pangrencana ing dalan, nanging kabeh panggodha bisa disingkirake karana saka kandeling tekad.
                Satekane ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara panggeroning macan. Swarane nggegirisi agawe mirising ati. Jaka Teguh, Bah Beo lan Bah Gedruk padha kamigilan. Ngadhepi kahanan kang kaya mangkene iki, Jaka Teguh lon-lon lungguh, nata ambegan, lan wiwit semedi supaya bisa sareh rasane. Jroning batin nyunyuwun pangwasaning Gusti Allah supaya wong telu diparingi kaslametane. Bah Gedruk lan Bah Beo ndhrodhog wel-welan, saya maneh ing gumuk slandhakan kono hawane adhem njekut, awit gumuk slandhakan kuwi isih klebu wewengkon perenging gunung Sumbing. Ora suwe Jaka Teguh unjal napas sarta celathu mangkene.
                “Ki sanak yen kowe bakal tegel mangsa aku sakanca, saiki uga mung pasrah bongkokan, aku ora suwala. Nanging yen kowe arep njaluk tulung, saiki nggerenga maneh kaping telu.” Wong telu banjur meneng, ngenteni kedadean sabacute. Swasana tintrim. Ora suwe keprungu swara macan nggereng kaping telu. Aneh, bareng lan swara nggereng kaping telu, dumadakan ing sangarepe Jaka Teguh ana wewujudan macan ireng kejepit watu tur ta isih ketambahan kebrukan wit jalu. Mbuh sabab apa kang njalari macan ireng kuwi ngalami kahanan kaya ngono. Ndulu kahanane macan iki Teguh thukul rasa welase. Enggal-enggal Jaka Teguh ngetogake mantra ngelmu paringane Ki Jenggot Putih. Kena dayaning mantra, wit jalu kang sakawit ngebruki awake macan bisa ngadeg jejeg tanpa ana kang ngadegake. Wusanane macan ireng bisa luwar saka panandang. Eloking kahanan, sawise macan kuwi luwar saka jepitaning watu lan wit jalu, macan mlaku lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Sajak kaya bisa tata jalma, macan ireng ngucapake panuwun. Macan ireng banjur lunga, masak gegrumbulan. Bah Beo lan Bah Gedruk rumangsa eram ndulu kedadean iki. Kanggo ngeling-eling lelakon kuwi, dening Jaka Teguh papan kono dijenengake desa Cepit, awit ana macan ireng kejepit watu.
                Esuke, wong telu banjur mbacutake laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngetan, saiki mlaku ngalor. Satekane desa Mbalong, Jaka Teguh weruh ana sumber banyu bening ing sangisoring wit pakis taji. Jaka Teguh, Bah Beo lan Bah Gedruk banjur padha adus. Wah, mendah segere, dhasar pirang-pirang dina awake ora kambon banyu. Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhe ing sangisore wit garu kang banget ngrembuyung. Wong telu padha ngasoing ngisoring wit garu mau. Sinambi ngalamun Jaka Teguh ngenteni wayah shalat Dhuhur. Lagi enak-enak ngalamun, dumadakan tanpa sangkan ana pawongan nganggo jubah wulung lan ikete uga wulung nyedhaki sing lagi padha ngaso. Tanpa ndadak nganggo diabani tetelune mbagekake pawongan nyalawadi mau kanthi salam bebarengan.
                “Assalamu’alaikum.”
                “Wa’alaikum salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, banjur ngandika
               “Ngger, rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo bebarengan shalat Dhuhur.” Dhasare ya wektu wis wancine shalat Dhuhur.
                Sawise shalat si jubah wulung takon marang Jaka Teguh.
                “Apa kowe kuwi lagi nggoleki aku?” kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli.
                “Inggih.”
                “Yen ngono, saiki ayo padha ndherek aku.”
                Pawongan papat tumuli mlaku bebarengan nunggang jaran, jubah wulung ana ngarep nunggang jaran ireng, Jaka Teguh nunggang jara abang. Jan katon gagah tenan. Dhasare bagus pasuryane. Jaka Teguh ora ngerti papan ngendi sing bakal dituju. Ngerti-ngerti bareng wis tekan padhepokan Bagelen tlatah Purworejo. Jebul ing kono wis ana Wongso Menggolo lan KI Ageng Geseng.
                Jubah wulung kang sanyatane, yaiku Sunan Kalijaga. Ing padhepokan Bagelen kono Jaka Teguh dijak rembugan bebarengan kalawan Wongso Menggolo, Ki Ageng Geseng, ngrembug anggone bakal nindakake syiar agama Islam ing tanah jawa. Sajake patemon mau wis dirancang saduruge dening Sunan Kalijaga. jroning patemon mau ngasilake putusan, yaiku : Wongso Menggolo dadi nukibah ing Bagelen, Ki Ageng Geseng dadi nukibah ing Loano mesisan dadi imam jumeneng Sunan Geseng. Jaka Teguh dadi nukubah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu utawa Syeh Maulana Taqwim. Sawise andum gawe saperlune, Sunan Kalijaga banjur jengkar tindak nerusake laku.

IV.                Ki Ageng Kedu Ing Balongan, Parakan

Jroning patemon ing padhepokan Bagelen, kanjeng Sunan Kalijaga paring wewarah supaya jroning syiar agama Islam kanthi cara mulang tetanen luwih dhisik. Sabab waktu semana isih akeh kawula samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas yaiku agama Hindu lan Budha. Lan isih akeh maneh wewarahe Kanjeng Sunan Kalijaga. kanthi pituduhe Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh saya mantep atine. Jaka Teguh kajibah syiar ing tlatah gunung Sumbing lan Sindoro kanthi asma Ki Ageng Kedu ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu nuli budhal tumuju tlatah Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah ndherek. Tetelune numpak jaran. Satekane ing desa Mbengkal, padha leren. Dumadakan saka kadohan, katon ana sawijining nom-noman lagi nunggang jaran, playuning jaran kaya dibandhangake. Bareng lakuning jaran tekan papan anggone leren Ki Ageng Kedu, Bah Gedruk nyoba ngendhegake playune jaran mau. Nanging nom-noman mau sajak ora nggape marang karepe Bah Beo,an saya digelak playune. Nom-noman mau sajake duwe watak kumalungkung, ketitik ngliwati wong lagi padha ngaso ora nganggo tata krama, malah playuning jaran digelak. Dadi akeh bledug nampek bathuk. Ki Ageng Kedu mesem, lan sedya bakal ngelehake bocah mau. Mula banjur matek mantra. Kena dayaning mantra lakune jaran kang sakawit mlayu mangulon, cengkelak bali mangetan tanpa ndadak disendhal lise.jaran banjur mandheg sangareping Ki Ageng Kedu. Nom-noman mau rumangsa gumun ngrasakake kedadean kuwi. Dheweke banjur mudun saka gegering jaran, raine mbrabak semu isin. Bocah mau didangu Ki Ageng Kedu
“sira kuwi sapa, asalmu saka ngendi, lan duwe perlu apa? dene numpak jaran playune nganti kaya angin.”
Nom-noman mau wangsulan, “nami kula punika Bramanti. Kula punika utusaning Sunan Kudus,kinen madosi santri asal saking Demak Bintara ingkang nembe syiar agama Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun kowe ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wonge.” Ki Ageng blaka.
Bramanti ndlongop ora percaya,
“Manawi kapareng kula nyuwun tandha bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.” Ki Ageng banjur miyak jubah agemane, lan nuduhake timang kang diagem marang Bramanti. Timang kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak.
Rada sawatara Bramanti ngiling-ilingi timang kuwi,
“Manawi makaten leres, panjenengan ingkang kula padosi.” Bramanti gambira bareng weruh timang kang diagem Ki Ageng Kedu jumbuh kalawan apa kang didhawuhake Sunan Kudus. Bramanti banjur mbacutake atur,
“Kula dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang punika.” Bramanti ngaturake buntelan sing isine sabuk cindhe. Ki Ageng Kedu nampani buntelan iku, sabuk cindhe tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujude sabuk cindhe katon selaras lan timangan, kahanan iki kerep sinebut “cindhelaras”sanadyan amung wujud sabuk lan timangan, barang iku darbe daya linuwih. Daya panguwasane sabuk cindhe kang selaras lan timangan, ora gampang kalah yen ana jroning peperangan. Santri Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyane kuwi Ki Ageng Kedu uga diparingi wiji pari lan mbako supaya ditandur ing tlatah Kedu, awit ya mung bumi kono kang bisa ditanduri mbako kanthi subur.
Sawise padha imbal pangandikan sawatara Ki Ageng Kedu banjur mbacutake laku. Bramanti ora bali ing Demak, malah melu Ki Ageng Kedu. Tekan ing desa Pendang Ki Ageng Kedu kersa mapan ana kono, lan gawe omah kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu tumuli miwiti syiar agama. 
Winih pari saka Bramanti mau aran pari Rajalele lan pari Cempa. Dene mbako utawa tembakau nganti saiki sok disebut tembakau. Suwening suwe tlatah kono dadi subur. Ki Ageng Kedu uga ingon-ingon bangsaning iwen. Salah siji klangenane yaiku pitik jago ulese ireng mulus. Yen diedu tarunge pilih tandhing prasasat ora ana kang bisa ngalahake.
Anggone syiar agama Islam Ki Ageng Kedu ing Pendana nganti sawatara wektu. Ing sawijining dina Ki Ageng Kedu kelingan marang garwane, lan banjur thukul rasa kangene marang kang ditinggal ing padhepokan Argaluwih. Kamangka nalika ditinggal kae Sri Lintang Kedhaton lagi nggarbini watara umur patang sasi. Mesthine saiki ya wis lahir. Ki Ageng Kedu saya tuwuh rasa kangene. Mula banjur kersa kondur ing padhepokan Argaluwih. Kondure ing Argoluwih didherekake Bah Beo, dene Bah Gedruk tunggu omah.
Bramanti, sawise ketemu kalawan Ki Ageng Kedu ora bali ing Demak, nanging malah nyuwita marang Ki Ageng Kedu. Dening Ki Ageng Kedu, Bramanti dipasrahi supaya nggarap lemah ing tlaah Balongan mangetan. Klakon Bramanti nggarap lemah Balongan, kabeh di tanduri pari Cempa lan Rajalele. Bramanti uga yasa masjid, lan banjur salin asma Ki Ageng Parak. Nganti sedane, Ki Ageng Parak banjur disarekake ana ing sakuloning masjid. Saiki tlatah kono dadi kutha kang sinebut Parakan.

KI Ageng Kedu (Ki Ageng Makukuhan) Eling Karo Garwa

Ora kroso yen enggone nindakake dhawuhe Ki Jenggot Putih wis sauntara suwe pitung tahun lawase nganti ora kelingan kang garwa kang kinasih wektu iku lagi mbobot patang wulan.
Sauntara Ki Ageng nimbali loro abdine Bah Gedruk lan Bah Beo semono uga Bramanti kang wis ono sisihe Ki Ageng. Ki Ageng dangu klawan Bramanti, “Sampeyan dakpasrahi olah tetanen sawah ono Balongan. Iki tandurono pari rojolele lan palawija, Bah Beo sambangono poro tani ono ing Pager Gunung, Bah Gedruk supaya  tunggu omah karo ngopeni iwen ono punthuk Kedu, ing kono santri wanito Nyi Rantam, Nyi Gambir, Nyi Gadu.” Sawise Ki Ageng paring dhawuhmarang katelu pendhereke, Ki Ageng pamitan kondur menyang Argoluwih, ono padhepokan kang Romo Syeh Maulana Gharibi (Hardo Pikukuh). Satekane padhepokan rumangsa kaget, ing plataran kok ono wanito lagi nuntun bocah cilik opo bener iku putraku nang tengene katon eyange Hardo Pikukuh. Kondure Ki Ageng Makukuhan (Ki Ageng Kedu) gawe tambah tentrem ing padhepokan poro santri enggone ngaji soyo sregep wirid tasbih lan sakliyane, karo nyawang Ki Ageng Kedu putro sagarwane katon sumyah ono palenggahan dalem.
Kaya adat saben ing padhrpokan Argoluwih nganakake kataman ing pendhak sasi. Nanging kabeneran bale lagi podho lenggahan antarane Syeh Gharibi, Lintang Kedhaton, Ki Ageng Kedu, lan putrane Qosim Abdullah, lagi rerembugan putrane Qosim Abdullah arep dipondhokake nang Cirebon ono Gunung Jati, semono uga kurang luwih siji setengah tahun Ki Ageng Kondur ono Argoluwih, semono uga Ki Ageng nyuwun karo garwane Lintang Kedhaton (Siti Syarifah Ambariyah) palilahe arep mbacutake kajibahan kang abot dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga bopo gurune Ki Jenggot Putih, syiar agama ing tlatah Kedu.

V.                  Ki Ageng Kedu Ing Garung

Ing ereng-ereng gunung Sindoro sisih kulon ana desa, yaiku desa Garung. Nalika samana Garung kuwi isih wujud alas gung liwang-liwungkang kebak ing ri bandhil bobondhotan. Para kawula kang padha mapan ing sakiwa tengene alas Garung racak-racak durung andarbeni kapinteran kang mirunggan kanggo olah tetanen. Kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dinane, padha mbebedhag buron alas kang pancen cacahe tanpa wilangan. Kahanan iki kabeh wus kapirsan dening Ki Ageng Kedu. Miturut pamawase, tlatah Garung sayektine trep banget kalamun kinarya tandur pari. Awit lemah Garung kuwi klebu lemah kang subur, tur ta ana sumber kang banyune ajeg mili minter tan ana kendhate, sajake prayoga yen kanggo ngoncori  pesawahan.
Ki Ageng Kedu, sawise nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan ngendikane penggalihane iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan wektu, wus akeh pawongan kang padha nyengkuyung kersane Ki Ageng Kedu. Pakaryan gedhe mau tumuli diwiwiti, babat alas, gawe pesawahan lan pategalan. Gedhe cilik, tuwa enom, tumandang bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman dingo mbabati glagah alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Dene para wadon olah pangan, nggodhog tela nggarut lan ngganyong.
Ing saben-saben nindakake pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabeh kang makarya padha leyeh-leyeh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon. Warna-warna solahe. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana kang turon sendhen wit-witan gedhe tur ayom.
Kawula wewengkon Garung isih padha ngrasuk agama Hindu Budha. Among kepiye mungguh cara lan adate agama kuwi nalika samana durung kinawruhan kanthi cetha. Anane padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa dimangerteni awit jaman iku kalebu jaman majapahit pungkasan. Dadi isih akeh tabet-tabet kapercayan saka kerajaan gedhe iku.
Ki Ageng Kedu ngerti yen kawula ing Garung isih duweni kapercayan marang agama Hindu Budha. Tur ta prasasat kabeh durung ngawruhi marang agama Islam ditrepake kalawan wewarahe Sunan Kalijaga, yaiku kanthi cara olah tetanen.
Pakaryan babat alas lan wiwiti tandur sepisanan mujudake pakaryan kang ora kena sinangga entheng. Pakryan iku saliyane mbutuhake tenaga bahu, uga butuh petung kang njlimet. Mula nalika lagi padha leren saka anggone nyambut gawe, Ki Ageng Kedu nggunakake swasana iki. Ki Ageng Kedu nyedhaki salah sijining pawongan, lan takon kanthi ulat kang sumeh.
“Paman, aku tuduhna ing ngendi ana banyu kang bening?”
Pawongan kang tinakonan wangsulan, “radi tebih saking papan ngriki wonten pancuran ageng ingkang toyanipun wening, mangga kula dherekaken Ki Ageng.”
Ki Ageng Kedu nuli tindak nggoleki dununge banyu kuwi, lan lakune mesthi ditutake sawetara pawongan. Tekan papaning banyu Ki Ageng enggal nindakake wudlu. Solahe sarwa sareh, ing pamrih supaya digatekake sing padha ndherekake. Rampung wudlu, tumuli bali ing papan sakawit. Ki Ageng Kedu takon maneh ing ngendi pernahe keblat kulon. Para kawula Garung saur manuk nggone wangsulan sarta anuding tudhuh arah.
“Mrika, Ki Ageng.” Ki Ageng Kedu lon-lonan nglukar jubah, jinereng ing sangarepe nggone jumeneng, tumuli miwiti shalat Dhuhur nganti rampung. Wong-wong padha nggatekake apa kang lagi ditindake Ki Ageng Kedu. Akeh kang padha nggumun. Ki Ageng kuwi lagi perlu apa? Bathine werna-werna.
Ki Ageng Kedu mangerteni yen tansah dadi kawigatene para wong-wong mau, nanging api-api ora pirsa. Sawise rampung anggone nindakake shalat, Ki Ageng Kedu banjur ndongeng lelakone para nabi anggone olah tetanen. Kaya ta caritane nabi Yusup ora lali tansah nindakake shalat, kang perlune manembah lan nyuwun marang Gusti Allah supaya tandurane bias subur lan kinalisake saka ama tanduran. Akeh para tani kang padha kepranan marang dongenge Ki Ageng, kang ya pancen pinter crita. Mula wong-wong Garung sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakake Ki Ageng. Temahan suwening-suwe kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.
Dadi, kaya mangkono kuwi carane Ki Ageng anggone syiar agama Islam luwih dhisik nganggo cara mulang carane olah tetanen. Kabeh ditindakake kanthi lon-lonan manut kadiwasaning kawula. Sawise sawatara sasi nggone wong-wong Garung ngolah tetanen wiwit katon asile. Apa kang tinandur thukul subur. Kahanan iki saya amimbuhi rasa tresnane wong Garung marang Ki Ageng Kedu. Mula wong-wong Garung tansah ngagungake Ki Ageng.

VI.                Ki Ageng Makukuhan Dicegat Grombolan Branjang Alas

Ki Ageng Kedu wis klakon ngislamake Garung. Sawise sawatara dudunung ing Garung, Ki Ageng Kedu nerusake laku. Tindake tansah didherekake Bah Beo. Nalika tindake tekan desa Kabluk, dumadakan dicegat grombolan kang kondhang kawengisane ing wewengkon kono. Grombolan iki watake kejem lan ora wegah gawe papati. Tetuwaning grombolan aran Branjang Alas. Kabeh andhahane Branjang Alas racak-racak praenane serem. Branjang Alas nggetak kanthi swara sora, supaya Ki Ageng Kedu mudhun saka gigiring jaran. Nanging Ki Ageng ora gelem mudhun. Gelem mudhun, yen Branjang Alas gelem mangsuli pitakone. Branjang Alas kaya ditepak mbun-mbunane, dadi saya nesu. Meruhi patrape Branjang Alas iki, Bah Beo mudhun saka jaran lan genti nantang perang tandhing Branjang Alas.
Ora suwe Bah Beo klakon gelut mungsuh Branjang Alas. Wekasan Branjang Alas mati saka tangane Bah Beo. Wruh tutuwane mati, andhahane Branjang Alas padha mlayu sipat kuping, wedi marang tandange Bah Beo. Branjang Alas dikubur ing Kabluk kono.
Ki Ageng Kedu banjur mbacutake laku tumuju Tlahap sandhuwure Kwadungan Krincing isih tlatah padesan Pager Gunung. Ing pengkolan kono wis ana pawongan pirang-pirang sangisore wit randu alas kang gedene banget sing dipandegani dening Ki Lurah Tejo Manggolo toto praupane nggegirisi lan dadi panguwasane daerah ngerenge Gunung Sumbing sisih lor, Ki Lurah menehi obo-obo karo nom-noman supaya nyegat pawongan kang agemane sarwo ireng, ora liya ya Ki Ageng Kedu (Makukuhan), kanoman kang awake santoso banjur nggertak : “He…kisanak, muduna saka jaranmu”, kanthi soro banget kanoman mau anggone nyopo, namun Ki Ageng Makukuhan (Ki Ageng Kedu) lan pendhereke Bah Gedruk,Bah Beo ora kaget maneh wis biasa ngadhepi karo pawongan kang bengis lan galak. Pawongan kang dianggep paling kuwasa yaiku Ki Lurah Tejo Manggolo banjur nyaketi karo nyapa : “kisanak apa bener kowe kang nglagak dadi wong kang panguwoso ing pager gunung kene?”, karo ngguyu ngakak. “Sopo aranmu?” saut Bah Gedruk. “Sombong banget wong kuwi.” Bah Gedruk mudun banjur, “he…wong elek”, namun Ki Ageng Kedu banjur menggak. Tekan dalan pengkolan tindhake diadhang sawatara nom-noman kang ora seneng marang Ki Ageng Kedu. Ngadhepi kedadean iki Ki Ageng malah nandukake ulat kang manis marang para nom-noman iku, sarta nuding marang salah sijine kang awake santosa, Ki Ageng Kedu paring sasmita. Nanging nom-noman kuwi malah lon-lonan nyedhak banjur nyuwun pangapura. Sabanjure kanca-kanca uga melu nyuwun ngapura.

VII.              Ki Ageng Kedu Katimbalan Ing Kudus

Ki Ageng Kedu wis bisa nindakake syiar agama Islam kanthi rancang. Kabeh mau bisa klakon awit saka wewarahe Sunan Kalijaga, supaya anggone syiar agama nganggo cara olah tani mbako lan pari.
Kabar Ki Ageng Kedu sembada syiar agama lan gawe suburing tlatah Kedu sumebar saindenging kadipaten. Malah kabar mau nganti keprungu tekan ing Kudus. Sunan Kudus nalika krungu pawarta yen ing Kedu wis klakon subur, banjur karsa nimbali Ki Ageng Kedu supaya atur palapuran, apa bener kabar kuwi. Ki Ageng Kedu ora suwala ditimbali Sunan Kudus. Tindake ijen tanpa rowang. Ora lali Ki Ageng Kedu nggawa klangenane pitik jago sing ulese ireng mulus. Ing batin jago kuwi nedya didu mungsuh jagone Sunan Kudus, awit Ki Ageng Kedu ya wis pirsa yen Sunan Kudus iku uga marem marang adu jago. Anggone lumaku tanpa tunggangan, nanging mabur. Kaluwihan bisa mabur kuwi awit saka paringane Ki Jenggot Putih lan Sunan Kalijaga. Patrape Ki Ageng Kedu kang mangkono sayektine mung nedya pamer marang wong-wong ing Kudus.
Kabeneran pendapa masjid ana patemon para santri. Jroning patemon kuwi padha kumpul santri-santri kang dipangarsani Sunan Kudus. Ing antarane para santri, ana ponakane Sam Po sing jenenge Tie Lieng Sieng. Nalika Ki Ageng Kedu tekan ing papan kono, ora enggal mudhun, malah mabur ngubengi masjid. Weruh patrape Ki Ageng Kedu kang kaya mangkono kuwi, Sunan Kudus duka. Mula banjur dhawuh salah siji santri supaya nyawat Ki Ageng Kedu nganggo tampah sing kapinujon ana sacedhake pendapa. Klakon Ki Ageng Kedu dibalang tampah. Nanging tampah kuwi banjur ditumpaki Ki Ageng Kedu. Kocapa, ndulu patrape Ki Ageng Kedu iki, Sam Po kobong atine, nuli njupuk isining who bendha. Who bendha disawatake ngenani Ki Ageng Kedu, tiba kalenggak, kecemplung ing peceren kang banyune jember. Jubahe Ki Ageng Kedu reged kabeh kebak blethok. Ki Ageng Kedu lingsem banget, ngrasa kawirangan. Papan tibaning Ki Ageng Kedu mau saiki dadi pasar jember, saka tembung papan kang jember. Dununge ora adoh saka menara Kudus.
Kedadeyan Ki Ageng Kedu mabur iki dadi kembang lambene kawula sakiwa tengene kono.
Sawise lelakon iki Ki Ageng Kedu banjur mapan ing desa Gribig. Ki Ageng Kedu noto penggalihe sauntoro lenggah nang Gribig, karo ngasto masjid kang sokone lan dudure tanpo sambungan, ono sumber kang nganti seprene ora asat, sumber mau sok kanggo wudlu Ki Ageng, sehingga seprene sumber iku isih ana. Kanthi tenger sumber Coyo, ing Gribig Ki Ageng Kedu sawentoro karo mbalekake kasekten sing wis ilang kena dayane kasekten Sunan Kudus, ora suwe anggon prihatin ing ono pawongan sing wis sepuh, ora liya pawongan iku kanga ran Ki Buyut, yaiku bapa gurune Ki Ageng Kedu lagi isih muda, banget remene Ki Ageng Kedu awit rawuhe bapa gurune, lan ora suwe kasektene Ki Ageng Kedu bisa pulih kaya maune, sawise suwi Ki Buyut enggal-enggal kondur.
Bareng rada sawetara dina, Ki Ageng Kedu krungu kabar yen ing desa Glagahwangi ana adon-adon jago. Jagone Sunan Kudus uga bakal ngetoni. Jagone Sunan Kudus kuwi wis kondang pilih tandhing, tur salawase ora tau kalah. Ki Ageng Kedu melu ngetoni adon-adon. Wah, rame tenan adon-adon kuwi. Sing nonton jejel riyel, prasasat ora kena dipiyak. Jagone Sunan Kudus pancen ampuh tenan. Akeh jago sing padha kalah ora nganti ndadak nganggo mbanyu. Nanging kocapa, bareng jagone Sunan Kudus klakon mungsuh lawan jagone Ki Ageng Kedu lagi oleh tandhing. Tarunge rame. Wekasane jagone Ki Ageng Kedu bisa ngalahake jagone Sunan Kudus. Sabenere Sunan Kudus enggone nganakake adonan jago kuwi mung kanggo ngumpulake sanak kadang padesan ana alun-alun menisan ngupadi pawongan kang sauntoro suwe ditunggu ora sowan, ora ana liya Ki Ageng Kedu, Sunan Kudus duwe cara supaya Ki Ageng Kedu enggal ketemu, mulane nganakake adonan jago, ngerti yen Ki Ageng Kedu duwe klangenan jago kang pilih tandhing wujude ireng mulus yo cemani podho aremane kagungan Ki Ageng Kedu. Ngerti yen jagone Sunan Kudus kalah age-age Sunan Kudus nimbali satriane diutus supaya sowan saiki uga pawongan kang menang ngalahake jagoku. Santri enggal ngupadi pawongan kang agemane sarwo ireng, santri mau banjur nyalami Ki Ageng Kedu, karo wedi santri mau banjur matur namun Ki Ageng Kedu wis tanggap yen ditimbali Sunan Kudus, ora dangu Ki Ageng Kedu sowan ana ngersane Sunan Kudus nang daleme Tie Lieng Sieng. Para santri wis nyiapake dhaharan kanggo ngormat Ki Ageng Kedu, kabeneran ing kono kajaba santrine Ki Tie Lieng Sieng uga wis ditunggu sesepuh, Syeh Jangkung, Ki buyut loro iku mau bapa gurune Ki Ageng Kedu (Makukuhan). Syeh Jangkung nyopo luwih dhisik “Dhasar isih muda bagus maneh, kene ngger…”, enggone ngalem marang muride. Ki Ageng Kedu banjur salam karo ngrangkul pundhake Ki Ageng Kedu, kabeh padha mlongo ningali Sunan Kudus roso kaget dak kira arep duka karo Ki Ageng Kedu, nanging malah padha guyonan kaya anak karo bapa. Kanthi kabeh wis sami dhahar, padha ngrembug enggone duweni tanggungan syiar agama nang daerahe dewe-dewe nanging ora ngira kabeh sesepuh wis padha sepakat yen Ki Ageng Kedu bakal diparingi putrid biyongan isih putra santri kang sesilih Raden Ayu Sulasmi, Sunan Kudus nglengganani. Banjur ngendika marang Ki Ageng Kedu, “Saiki sira nerusna anggonmu syiar agama Islam ing Kedu. Lan sira tak jodhohake kalawan RA SUlasmi. Muga-muga kabeh lelakon iki ana hikmahe.”
Kalawan RA Sulasmi, Ki Ageng Kedu patutan 4 yaiku : 1) R. Hasan Dhadungawuk, 2) R. Hasan Sadzali, 3) Rr. Sulastri, lan 4) R. Hasan Munadi

VIII.            Pangeran Trenggono Ngabdi Wonten Kedu

Adipati Pancad Tondo kagungan wayah saka pangeran Kudus kaliyan putrinipun paring asma pangeran Trenggono. Kang wayah dipun gulawenthah saka umur telung tahun nganti ngancik dewasa kabeh ilmune wis kaparingake ora ana sing kelewatan. Kang eyang kagungan pesen karo kang wayah, “Pangeran Trenggono ngger…putu ningsun. Mbok menawa pada paring umur panjang, aja sira nganggo ilmu paringane eyang agawe perang sedulur, eyang wis tutug turun kaping pitu. Sebab perang sedulur kuwi gawe rekasane kawula cilik, lan maneh akeh pagebluk, pepati rono rene, wong padesan ora bisa nggarap sawahe pada kekurangan pangan mulane sira ngger dadia wong tumbuk waru wae. Dadia wong kang bodho nanging ngerti, dadi wong pinter tapi wicaksono, nduweni rasa asih karo sapadane. Ngger putu ningsun, kaya eyang wis akeh paring ilmu, ananging sanajan ilmu wis tak paringake kabeh uga isih kurang pramulane sira sowano ana ing Syeh Maulana Gharibi (Ki Ageng Gribig) ana ing Klaten”.
Sauntara tahun Pangeran Trenggono anggone ngangsu kawruh saiki wis yuswa 40 tahun saka pangandikane, “Ngger…Pangeran Trenggono, tindakna pamuji. Sak suwene nindake pamuji, kanjeng Sunan Kalijaga nemoni Pangeran Trenggono lan uga maringi pangandikan kathah-kathah lan uga terusna awakmu anggone ngangsu kawruh supaya suwita ana Ki Ageng Kedu ing Temanggung”. Suwitanipun Pangeran Trenggono dipun tampi kaliyan Ki Ageng Kedu (Makukuhan) menisan dipundhut mantu pikantuk putra putri ingkang asma Kembang Arum, lajeng apeputra Cakrawesi kaliyan Ragil Kuning.

IX.                Ki Ageng Kedu Seda (1497)

Asmane Ki Ageng Kedu ngambar arum ing saindhenging tlatah gunung Sumbing lan Sindoro. Awit saka darmane mau, prasasat kabeh kawula Sumbing Sindoro padha ngagungake asmane, luwih-luwih murid-muride. Mula, nalika Ki Ageng Kedu seda ing desa Kedu, jisime dinggo rebutan para kawula Sumbing Sindoro sarta para murid. Kabeh padha kepingin ngurmati Ki Ageng Kedu kanthi cara ngrukti ing papane dhewe-dhewe. Ana sing kepingin Ki Ageng Kedu disarekake ing gunung Sumbing, ana sing kepingin ing gunung Sindoro. Dredah rebutan jisim iki, dumadi ana ing kali Galeh, yaiku wates antarane gunung Sumbing lan Sindoro. Malah, Ki Ageng Bagelen uga melu anengahi murih ora padha regejegan.
Wusanane ditetepake, yen Ki Ageng Kedu bakal disarekake ing gunung sumbing. Upacara pangruktining jisim dintindakake para murid ing gunung Sumbing. Klakon, kunarpane Ki Ageng Kedu dipikul, digawa munggah tumuju puncak Sumbing. Tekan sacedhake desa Dekol. Leren sawetara sinambi ngombe. Papan kanggo leren kuwi saiki dadi desa Ndayan. Sawise asat kringete, banjur  wiwit mlaku maneh. Nganti tekan sawijining papan, ana  salah siji kang pengin bebuwang. Mula, lakune mandheg maneh. Papan kono saiki diarani desa Pablengan. Tekan ing desa Cepit pagergunung, leren maneh kanggo nindakake sembahyang. Papan kanggo sembahyang kuwi, saiki dijenengake Keramat ing Dhukuh Wonosari.
Lakune ngliwati Watu Lawang, lan liwat ara-ara wedhi. Iki sawijining laku sing abot, mulo bareng wis tekan ara-ara wedhi, kabeh padha krasa kesel. Saking kesele nganti padha keturon, lali marang jisime Ki Ageng Kedu. Bareng nglilir, kabeh padha kaget, awit jisime Ki Ageng Kedu ilang saka papan. Digoleki mrana-mrene ora ketemu. Sayektine Ki Ageng Kedu wis mukswa saragane. Dadi, sanadyan digolekana ya tetep ora ketemu.
Dene luwangan sing wis kebacut digawe, ora sida kanggo. Sanadyan mangkono. Luwangan iki krana pangwasaning Gusti Allah kadunungan daya ghaib. Sok sapa sing bisa mlebu ing sajroning luwangan mau, bisa darbeni kasekten kang linuwih.
Saka lelakon sedane Ki Ageng Kedu mau, ana petilasan-petilasan sing nganti saiki dadi pundhen utawa kanggo papan upaacara slametan desa. Papan-papan kuwi yaiku :
1.       Desa Delok papan kanggo leren ngombe, ana tuk sing diarani Tuk Dayan
2.       Desa Cepit pagergunung : papan kanggo bebuwang, ana tuk sing diarani tuk Pablengan
3.       Desa Dhukuh Wonosari : papan sembahyang, sing saiki disebut Kramat. Ing kono ana muride Ki Ageng Kedu sing nerusake piwulange, yaiku Nyi Rantamsari, Nyi Gambirwangi lan Gadhungmlati
4.       Papan sing wiwitan bakal kanggo ngrukti Ki Ageng Kedu sepisanan, yaiku ing Watu Kasur
5.       Papan musnane Ki Ageng Kedu ing ara-ara wedhi nganti saiki isih ana krikil kang ditata minangka tandha
6.       Dene pesareyane Ki Ageng Kedu kang sejati amung bisa dikawruhi dening kang ndarbeni niat suci lan ikhlas, tur antuk nugrahaning Gusti Allah.











SOROSILAH KI AGENG KEDU




SYEH MAULANA TAQWIM









KI AGENG BRONDONG












1. SYARIF HIDAYAT

2. SYARIF MUALIM

3. SITI AMINAH
MA KAUW HAN / KI AGENG KEDU













I. SITI SYARIFAH AMBARIYAH

TEMPAT PEMAKAMAN :


1. QOSIM ABDULLAH




2. SEKAR KEDATON

KI AGENG BRONDONG
dim
BRONDONG, JATIM


KI AGENG KEDU (MA KAW HAN)
dim
KEDU, TEMANGGUNG
II. RA SULASMI

SITI SYARIFAH AMBARIYAH
dim
MBUKUR, PEKALONGAN
1. R RAHMAT HASAN DADUNG AWUK

QOSIM ABDULLAH
dim
KAUMAN, PEKALONGAN
2. R RAHMAT HASAN SADZALI

KEMBANG ARUM (SEKAR KEDATON)
dim
SEWU, BANTUL
3. R R SITI SULASTRI

RA SULASMI
dim
GERIBIK, KUDUS
4. R RAHMAT HASAN MUNADI

R RAHMAT HASAN DADUNG AWUK
dim
REJENO PUNCAK MURIA


R RAHMAT HASAN SADZALI
dim
REJENO PUNCAK MURIA
III. RA TELASIH ( NINI SRIWARDANI)

R R SITI SULASTRI
dim
GERIBIK, KUDUS
MENANTU:

R RAHMAT HASAN MUNADI
dim
GERIBIK, KUDUS
SULTAN TRENGGONO III SEKAR KEDATON

R COKRO SEKTI
dim
NYAT NYONO, UNGARAN
1. R COKRO SEKTI

R SURO SEKTI
dim
SEWU, BANTUL
2. R SURO SEKTI

RA TELASIH ( NINI SRIWARDANI)
dim
GEDUNG KUNING, JOGJA











 ****************************************************************************************************************