Babad Kedu
membahas sejarah awal mula tersebarnya islam di daerah karesidenan Kedu,
khususnya wilayah antara gunung Sindoro dan Sumbing. Babad Kedu juga
menceritakan awal mula masyarakat daerah Sindoro-Sumbing bercocok tanam dengan
menggunakan padi, dan yang paling dikenal sampai saat ini yaitu awal mulanya
daerah ini mulai menanam tembakau. Selain itu, juga menceritakan sebab-sebab
penamaan beberapa daerah di wilayah gunung Sindoro dan Sumbing, yang hingga
saat ini masih bisa dipastikan kebenarannya.
Penulis berusaha
menyampaikan sejarah tentang wilayah Kedu sesuai naskah asli yang telah
dibukukan oleh H.Ch. Sudarmadi yang
merupakan Pimpinan Padepokan Makukuhan, Magelang.
Sekian sepatah dua
patah kata dari penulis. Mohon maaf atas segala kata yang mungkin kurang
berkenan di hati pembaca. Segala kelebihan itu hanya dari Allah SWT, dan segala
kekurangan dari penulis semata. Semoga kisah Babad Kedu ini bisa bermanfaat
bagi kita semua sebagai teladan dan contoh untuk selalu bekerja keras dan
pantang menyerah dalam melaksanakan niat yang baik.
Temanggung, 29 Januari 2015
Nahayu
************************
Murwakani Atur
Sampun
mboten saget dipun selaki saha sampun dipun akeni dening para winasis ing
babagan penulisan sejarah riwayat sugengipun para wali, riwayatipun para dewa
wonten pewayangan, bilih nyerat sejarah puniku mboten gampil.
Tembung
sejarah saperangan tiyang wonten ingkang kirtobasa saking tembung disejo lan di
arah-arah, ing pangangkah saget trep lan luwes. Amargi ndherek kasunyatan ing
bebrayan puniko bilih crita rakyat, dongeng, patilasan makam, lan ugi
pundhen-pundhen anggadahi crita inkang beda.
Makaten
ugi kangge nyerat riwayat sugengipun ‘Ki Ageng Makukuhan’ mboten selak menawi
mangkehipun kacariosaken nalisen silsilah utawi nawi menika mboten wonten
maksud badhe malsu nami tahun sugengipun, punapa malih badhe niat
mengkultusaken (mendewakan). Jer kita nglenggana sedaya kekirangan wau awit
saking kirangipun penulis ing babagan seserepan lan bab paramasastra dalah ora
basa.
Niat
luhur kita sageta buku alit punika kangge paugeran para putra wayah Padepokan
Makukuhan, ingkang mapan wonten Tidar Warung, Kota Magelang. Kacarios
panjenenganipun Ki Ageng Makukuhan asma asli Ma Kauw Han.
·
Ma =
Muhammad
·
Kauw =
Tuan yang diagungkan (raja)
·
Han =
Tunggal
Kawastanan Ki Ageng Kedu, jumbuh
kalihan lenggahipun wonten kukuban Kedu. Wondene ingkang ndherek kukuban kedu
inggih menika :
·
Kabupaten Temanggung
·
Kabupaten Wonosobo
·
Kabupaten Purworejo-Kebumen
·
Kabupaten Magelang
Pandhita muslim bawa laksana. Lire
kang berbudi, hanggung seneng geganjar :
·
Remen paring sandang marang wong kawudan
·
Remen paring pangan marang wong kang kaluwen
·
Remen paring toyo marang wong kang kesaliten
·
Remen paring suluh marang wong kepetengen
·
Remen paring teken marang wong kang kalunyon
·
Parendene panjenengan saget maluyoalun tiyang
sakit kadi sukaning prihatin
Dene bawa leksana minangka sifat luhur
:
·
Ambeg paramarta sugih pangapura
·
Teguh pingkuh lan mingkuh salising kewuh,
kadya adeging gunung waja
·
Pangandhikane tan kena wola-wali
·
Kagungan gulu begawan, weteng segara kang
sarwa-sarwi sakaliring reh
·
Pantes tinulad tinuladha dening sesami, lan
mbedaake kapitadosan AGAMI
Panjenenganipun Ki Ageng Makukuhan kagungan
pusaka minangka srananipun tiyang gesang.
1.
Keris Kyai Sumpyuh
Kagem seni srana maluyahaken tiyang
sakit, sakit jiwa raga lan ugi rasa.
2.
Tumbak Kyai Garu
Kagem seni srana rahayuning kawula
pedaringan lan ugi tetanen.
Pusaka kekalih kala wau sakmenika
dados tetunggalipun Padhepokan Makukuhan wiwit tahun 1973 ngantos dinten
menika.
Mekaten
ingkang saged penulis aturaken, mugiyo saget andadosno tambahing seserepan
katur para maos. Penulis ugi ngantu-antu panyarue saking sok sinteno kemawon
murih sampurnaning buku punika.
Magelang, 20 Agustus 2004 M
10
Jumadilakir 1425 H
Pangimpun,
H. Habib
Sudarmadi
Gelar Santri Songo Penerus Wali Songo
Asma
|
Gelar
|
Palenggahan
|
|
1
|
Seh Sabil (Usman Haji)
|
Sunan Ngudung
|
Ngudung (Jipangpanolan)
|
2
|
R. Umar Said
|
Sunan Muria
|
Jeporo
|
3
|
R. Sayid Muhsin
|
Sunan Wilis
|
Cirebon
|
4
|
R. H. Usman
|
Sunan Manjuran
|
Mondoliko
|
5
|
R. Patah
|
Sunan Bintoro
|
Demak
|
6
|
R. Jakandar
|
Sunan Bangkalan
|
Madura
|
7
|
KI Ageng Pandhanaran
|
Sunan Tembayat
|
Klaten
|
8
|
Makukuhan (Joko Teguh)
|
Sunan Kedu
|
Kedu, Temanggung
|
9
|
Ki Cokrojoyo
|
Sunan Geseng
|
Loano (Purworejo)
|
I.
Gagaklodra
Ngrabasa Tie Lieng Sieng
Nalikane
jaman kerajaan Demak ing antarane abad XV, ing tlatah kudus ana pondhok
pesantren dumunung ing desa Glagahwangi. Dene kang minangka pangarsane pondhok
yaiku panjenengane Sunan Kudus. Ing wektu kuwi, negara Majapahit wis surut
kuncarane, amung kari sisa-sisaning negara kang dumadi saka negara cilik-cilik.
Salah siji saka negara iku negara Capit Urang kang ora seneng marang kerajaan
Demak, awit Demak darbe sedya nedya ngislamake tanah Jawa. Masjid Tie Lieng
Sieng salah sawijining masjid kang digunakake minangka papan pasinaone
santri-santri Glagahwangi muride Sunan Kudus. Santrine Sunan Kudus akeh,
nanging sing katon manjila mung ana cacah sanga, katelah santri sanga.
Nuju
sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben dinane, masjid
Tie Lieng Sieng kebak santri-santri kang padha nindakake sholat subuh. Swasana tentrem
awit kasiram adheming bun wanci bangun, dumadakan dikagetake dening panjeriting
bakul-bakul pasar kang ora adoh saka masjid kono. Wong-wong padha pating jlerit
kamiweden. Sabab tanpa kanyana-nyana dagangan kang lagi wae ditata diosak-asik
prajurit Capit Urang kang dipandhegani Gagaklodra. Solahe wong-wong pasar padha
pating bilulung salang tunjang nylametake awake dhewe-dhewe, tanpa mikir
dagangan. Kabeh padha wedhi, giris miris, meruhi tandange Gagaklodra sawadyane
kang tanpa rasa kamanungsan gawe rurusuh jroning pasar. Tanpa diabani enggal
gadhepi angamuke Gagaklodra sakancane.
Nanging
sepira ta dayane para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit sing asikep gagaman
ampuh. Ora nganti suwe, para santri kaseser anggone nandhingi prajurit Capit
Urang. Akeh santri kang keplayu ngungsi urip, mangkono uga santri sanga padha
tingga glanggang colong playu. Ing antarane santri sanga iku kang dimangerteni
jenenge ana telu yaiku Sirojul Munir, Makukuhan (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh
Gufron.
Makukuhan
kamigilan weruh tandange Gagaklodra. Karana rumangsa ora keconggah ngadhepi
mungsuh. Makukuhan mlayu saparan-paran golek slamet. Gagaklodra ditutake
sawatara wadyane mbledig playune Makukuhan. Bareng tekan tlatah Sirandu,
Makukuhan wes kentekan tenaga, ora bisa ngglawat maneh, temahan kasil kepikut
dening Gagaklodra sawadyane. Makukuhan ora bisa bangga, anane mung pasrah, lan
ngrasa bakal tekaning pati.
Saranduning
awak kabeh tatu. Ing nalika Gagaklodra sakancane padha milara Makukuhan,
dumadakan ana swara tanpa rupa sing ora kasumurupan dununge. Swara tanpa rupa
iku ngundamana lan semu nantang marang Gagaklodra. Anggone nguman-uman ndadak
nganggo tembang Dhandhanggula kang unine mangkene :
Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mlasara pepadhane
Yen nyata sira iku
Sraya king nagri majapahit
Aja sira anggembela (turah 1)
Adhepana ingsun
Ingsun tan bakal lumayu (a)
Hangadhepi manungsa lir sana sunu (i)
Kuru tur tanpa bayu (a)
Krungu swara tanpa rupa kang mangkono
kuwi, Gagaklodra dadi cingak. Rasa cingak ndadekake rada kendho anggone milara
Makukuhan, temahan padha clingukan nggoleki arahing swara, tanpa kanyana-nyana
ana wewayangan sarwa putih kumlebat nyaut Makukuhan sing wis tanpa daya.
Sakedheping
mripat wewayangan putih iku musna barang lan ilanging Makukuhan saka papan
kono. Gagaklodra sakanca kaget marang kedadean kang sarwa cepet iki. Sanadyan
diubres ing ngendi papan ora ketemu. Grumbul-grumbul dipiyak, ya ora ketemu.
Gagaklodra atine mangkel banget.
Sabanjure
lelakone Gagaklodra ora usah dicritakake. Saiki dibacutake lelakone Makukuhan
kang ditulungi pawongan nyalawadi. Sapa ta sejatine sing nylametake Makukuhan
iku mau? Pawongan nyalwadi iku ora liya Kyai Kasan Besari, ya sing kere disebut
Ki Jenggot Putih. Sayektine Ki Jenggot Putih wis sawatara suwe anggone
ngulatake lakune Gagaklodra sakanca.
Mula, nalika Makukuhan dikroyok Gagaklodra nganti tatu arang kranjang,
enggal-enggal aweh pitulungan. Makukuhan dipanggul Ki Jenggot Putih, Makukuhan
bakal digawa ing padhepokan Syeh Maulana Gharibi ing padhepokan Argaluwih.
Ana
ing padhepokan Argaluwih, Makukuhan ditambani dening Syeh Maulana Gharibi
nganti waras. Sajroning ngupakara tatune Makukuhan mau, Syeh Maulana Gharibi
direwangi anake wadon sing jenenge Sri Lintang Kedhaton. Apa wae sing dadi
kebutuhane Makukuhan tansah dicukupi Sri Lintang Kedhaton. Sawise sawatara
dina, Makukuhan wis waras.
Sarawungan
antarane Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton iki, suwening-suwe nuwulake rasa
sengsem sakarone. Dhasare Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha
bocah enom kang lagi nedheng brahi, Ki Jenggot Putih tanggap marang glagate
bocah, mula tuli matur marang Syeh Maulana Gharibi supaya bocah loro iku
didhaupake wae. Syeh Maulana Gharibi ora kabotan. Sawise nemtokake dina kang
prayoga, Makukuhan lan Sri Lintang Kedhaton dinikahake. Kanggo mbuwang tilas
lan supaya ora konangan Gagaklodra sawadyane, Makukuhan banjur ganti jeneng
Jaka Teguh. Opo maneh Joko Teguh wis kaparingan ilmu kanuragan lan kasekten
karo Ki Jenggot Putih, kabeh mau wis bisa dindelke kanggo jaga pawongan ndolim.
II.
Dumadine
Sukoreja
Ing
sawijining dina, Syeh Maulana Gharibi ngarsakake nggelar kataman. Jroning
upacara kataman kuwi Syeh Maulana Gharibi kapareng jumeneng ing sangarepe para
santri, sarta paring pangandikan. Isining pangandikan warna-warna, lan kabeh
ngandhakake ngenani gumelaring kawruh sarta gegebenganing ngelmu. Wusananing
pangandikan, Syeh Maulana Gharibi kersa paring jeneng wewengkon padhepokan
Argaluwih sakiwa tengen konko kasebuto Desa Sukorejo. Awit padhepokan Argaluwih
wis klakon bisa gawe suka lan gambiraning para kawula padesan sakiwa
tengen. Anggone paring tetenger sukoreja mau mbarengi ing dina Kemis Pahing
tahun 1386 B/M.
Nalika
upacara kataman kuwi, Ki Jenggot Putih uga melu anekseni. Dadi wiwit Makukuhan
ya Jaka Teguhdigawa aneng padhepokan Argaluwih, nganti tekan upacara kataman,
Ki Jenggot Putih isih cumondhok ing kono uga. Sarampunging upacara kataman, Ki
Jenggot Putih pamit marang Syeh Maulana Gharibi sakaluwarga, bakal nutugake
tindake. Syeh Maulana Gharibi amung nyumanggakake marang karsane Ki Jenggot
Putih. Sadurunge budhal, Ki Jenggot Putih paring itungkas marang Jaka Teguh.
Isining pitungkas kuwi, supaya Jaka Teguh melu cawe-cawe nindakake jejibahan
suci, yaiku nyebarake agama Islam ing tanah jawa. Jaka Teguh matur yen saguh.
Ki Jenggot Putih marem atine krungu kasaguhane Jaka Teguh, lan mrayogakake
sadurunge miwiti pakaryan iku luwih dhisik supaya Jaka Teguh manggihi Kanjeng
Sunan Kalijaga, ing pamrih antuka pituduh nggone bakal nindakake syiar agama
Islam.
III.
Jaka
Teguh Kepethuk Sunan Kalijaga
Ki Jenggot
Putih wis sawatara sasi anggone ninggalake padhepokan Argaluwih. Nanging, ing
saben-saben Jaka Teguh isih tansah kelingan marang apa kang dadi dhawuhe Ki
Jenggot Putihya Kasan Besari. Luwih-luwih yen pinuju wanci bengi, apa kang
dingendikake Ki Jenggot Putih isih keprungu cetha neng talingan.
“Jaka
Teguh, sira darbe sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena
sinangga entheng, nanging pakaryan iki mujudake pakaryan kang suci. Wujuding
jejibahan gedhe iki, yaiku sira kudu melu cawe-cawe lan nyengkuyung, sumebare
agama Islam ing tanah Jawa. Amung, sadurunge sira miwiti akaryan agung iki,
lueih dhisik sira nyuwuna pangestu marang Kanjeng Sunan Kalijaga.”
Pangandikane
Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakake nganti rumasuk jroning
sanubari. Jaka Teguh dadi tansa goreh rasane. Awit ing wektu kuwi garwane Jaka
Teguh lagi mbobot watara umur patang sasi. Yen mituhu dhawuhing guru,ateges
kudu pisah karo bojo, ing kamangka durung suwe nggone dhaup. Yen mung tansah
ana padhepokan wae, gek ya piye. Sawise dilimbang-limbang sawatara dina, Jaka
Teguh tumuli mrentul tekade. Tekad kang dilandhesi karep kang kuwat. Tansaya
golong giling tekade Jaka Teguh, bakal mituhu dhawuhe Sang Guru kanthi
gelenging kalbu.
Ing
sawijining dina kang dirasa prayogi, Jaka Teguh ngadhep marang marasepuh.
Kanthi patrap kang kebak tata-krama Jaka Teguh ngaturake kabeh kang dadi
sedyane. Krungu ature Jaka Teguh, Syeh Maulana Gharibi ora kabotan, kepara
mbombong sarta paring pangestu lan panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang
Kedhaton, sanadyan abot rasane bakal ditinggal ing bojo, nanging karana tindake
kang garwa iku darbe ancas nyangkut jejibahan luhur, sanadyan abot ya
nglilakake lungane garwa. Sawise tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan
bhudal. Kaya ngapa sedhihe kang garwa kang tinilar ing kakung. Syeh Maulana
Gharibi ora tega yen budhale Jaka Teguh amung ijen, mula ndhawuhi santri loro
supaya tansah ngetut lakune Jaka Teguh, sisan dadi kanca rowang ana dalan.
Santri loro kuwi, yaiku Bah Beo lan Bah Gedruk.
Budhale
Jaka Teguh saka padhepokan Argaluwih
pinuju ing wanci bangun esuk sabubare nindakake shalat Subuh. Budhal
dikanccani Bah Beo lan Bak Gedruk. Lakune mangetan. Sajroning lumaku akeh
pangrencana ing dalan, nanging kabeh panggodha bisa disingkirake karana saka
kandeling tekad.
Satekane
ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara panggeroning macan.
Swarane nggegirisi agawe mirising ati. Jaka Teguh, Bah Beo lan Bah Gedruk padha
kamigilan. Ngadhepi kahanan kang kaya mangkene iki, Jaka Teguh lon-lon lungguh,
nata ambegan, lan wiwit semedi supaya bisa sareh rasane. Jroning batin
nyunyuwun pangwasaning Gusti Allah supaya wong telu diparingi kaslametane. Bah
Gedruk lan Bah Beo ndhrodhog wel-welan, saya maneh ing gumuk slandhakan kono
hawane adhem njekut, awit gumuk slandhakan kuwi isih klebu wewengkon perenging
gunung Sumbing. Ora suwe Jaka Teguh unjal napas sarta celathu mangkene.
“Ki
sanak yen kowe bakal tegel mangsa aku sakanca, saiki uga mung pasrah bongkokan,
aku ora suwala. Nanging yen kowe arep njaluk tulung, saiki nggerenga maneh
kaping telu.” Wong telu banjur meneng, ngenteni kedadean sabacute. Swasana
tintrim. Ora suwe keprungu swara macan nggereng kaping telu. Aneh, bareng lan
swara nggereng kaping telu, dumadakan ing sangarepe Jaka Teguh ana wewujudan
macan ireng kejepit watu tur ta isih ketambahan kebrukan wit jalu. Mbuh sabab
apa kang njalari macan ireng kuwi ngalami kahanan kaya ngono. Ndulu kahanane
macan iki Teguh thukul rasa welase. Enggal-enggal Jaka Teguh ngetogake mantra
ngelmu paringane Ki Jenggot Putih. Kena dayaning mantra, wit jalu kang sakawit
ngebruki awake macan bisa ngadeg jejeg tanpa ana kang ngadegake. Wusanane macan
ireng bisa luwar saka panandang. Eloking kahanan, sawise macan kuwi luwar saka jepitaning
watu lan wit jalu, macan mlaku lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Sajak kaya bisa
tata jalma, macan ireng ngucapake panuwun. Macan ireng banjur lunga, masak
gegrumbulan. Bah Beo lan Bah Gedruk rumangsa eram ndulu kedadean iki. Kanggo
ngeling-eling lelakon kuwi, dening Jaka Teguh papan kono dijenengake desa
Cepit, awit ana macan ireng kejepit watu.
Esuke,
wong telu banjur mbacutake laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngetan, saiki
mlaku ngalor. Satekane desa Mbalong, Jaka Teguh weruh ana sumber banyu bening
ing sangisoring wit pakis taji. Jaka Teguh, Bah Beo lan Bah Gedruk banjur padha
adus. Wah, mendah segere, dhasar pirang-pirang dina awake ora kambon banyu.
Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhe ing sangisore wit garu kang
banget ngrembuyung. Wong telu padha ngasoing ngisoring wit garu mau. Sinambi
ngalamun Jaka Teguh ngenteni wayah shalat Dhuhur. Lagi enak-enak ngalamun,
dumadakan tanpa sangkan ana pawongan nganggo jubah wulung lan ikete uga wulung
nyedhaki sing lagi padha ngaso. Tanpa ndadak nganggo diabani tetelune mbagekake
pawongan nyalawadi mau kanthi salam bebarengan.
“Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikum
salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, banjur ngandika
“Ngger,
rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo bebarengan shalat Dhuhur.” Dhasare ya
wektu wis wancine shalat Dhuhur.
Sawise
shalat si jubah wulung takon marang Jaka Teguh.
“Apa
kowe kuwi lagi nggoleki aku?” kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli.
“Inggih.”
“Yen
ngono, saiki ayo padha ndherek aku.”
Pawongan
papat tumuli mlaku bebarengan nunggang jaran, jubah wulung ana ngarep nunggang
jaran ireng, Jaka Teguh nunggang jara abang. Jan katon gagah tenan. Dhasare
bagus pasuryane. Jaka Teguh ora ngerti papan ngendi sing bakal dituju.
Ngerti-ngerti bareng wis tekan padhepokan Bagelen tlatah Purworejo. Jebul ing
kono wis ana Wongso Menggolo lan KI Ageng Geseng.
Jubah
wulung kang sanyatane, yaiku Sunan Kalijaga. Ing padhepokan Bagelen kono Jaka
Teguh dijak rembugan bebarengan kalawan Wongso Menggolo, Ki Ageng Geseng,
ngrembug anggone bakal nindakake syiar agama Islam ing tanah jawa. Sajake
patemon mau wis dirancang saduruge dening Sunan Kalijaga. jroning patemon mau
ngasilake putusan, yaiku : Wongso Menggolo dadi nukibah ing Bagelen, Ki Ageng
Geseng dadi nukibah ing Loano mesisan dadi imam jumeneng Sunan Geseng. Jaka
Teguh dadi nukubah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu utawa Syeh Maulana Taqwim.
Sawise andum gawe saperlune, Sunan Kalijaga banjur jengkar tindak nerusake
laku.
IV.
Ki
Ageng Kedu Ing Balongan, Parakan
Jroning
patemon ing padhepokan Bagelen, kanjeng Sunan Kalijaga paring wewarah supaya
jroning syiar agama Islam kanthi cara mulang tetanen luwih dhisik. Sabab waktu
semana isih akeh kawula samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas yaiku agama
Hindu lan Budha. Lan isih akeh maneh wewarahe Kanjeng Sunan Kalijaga. kanthi
pituduhe Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh saya mantep atine. Jaka Teguh
kajibah syiar ing tlatah gunung Sumbing lan Sindoro kanthi asma Ki Ageng Kedu
ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu
nuli budhal tumuju tlatah Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah ndherek. Tetelune
numpak jaran. Satekane ing desa Mbengkal, padha leren. Dumadakan saka kadohan,
katon ana sawijining nom-noman lagi nunggang jaran, playuning jaran kaya
dibandhangake. Bareng lakuning jaran tekan papan anggone leren Ki Ageng Kedu,
Bah Gedruk nyoba ngendhegake playune jaran mau. Nanging nom-noman mau sajak ora
nggape marang karepe Bah Beo,an saya digelak playune. Nom-noman mau sajake duwe
watak kumalungkung, ketitik ngliwati wong lagi padha ngaso ora nganggo tata
krama, malah playuning jaran digelak. Dadi akeh bledug nampek bathuk. Ki Ageng
Kedu mesem, lan sedya bakal ngelehake bocah mau. Mula banjur matek mantra. Kena
dayaning mantra lakune jaran kang sakawit mlayu mangulon, cengkelak bali
mangetan tanpa ndadak disendhal lise.jaran banjur mandheg sangareping Ki Ageng
Kedu. Nom-noman mau rumangsa gumun ngrasakake kedadean kuwi. Dheweke banjur
mudun saka gegering jaran, raine mbrabak semu isin. Bocah mau didangu Ki Ageng
Kedu
“sira kuwi
sapa, asalmu saka ngendi, lan duwe perlu apa? dene numpak jaran playune
nganti kaya angin.”
Nom-noman
mau wangsulan, “nami kula punika Bramanti. Kula punika utusaning Sunan
Kudus,kinen madosi santri asal saking Demak Bintara ingkang nembe syiar agama
Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun
kowe ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wonge.” Ki Ageng blaka.
Bramanti
ndlongop ora percaya,
“Manawi kapareng
kula nyuwun tandha bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.”
Ki Ageng banjur miyak jubah agemane, lan nuduhake timang kang diagem marang
Bramanti. Timang kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak.
Rada
sawatara Bramanti ngiling-ilingi timang kuwi,
“Manawi
makaten leres, panjenengan ingkang kula padosi.” Bramanti gambira bareng weruh
timang kang diagem Ki Ageng Kedu jumbuh kalawan apa kang didhawuhake Sunan
Kudus. Bramanti banjur mbacutake atur,
“Kula
dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang punika.” Bramanti ngaturake
buntelan sing isine sabuk cindhe. Ki Ageng Kedu nampani buntelan iku, sabuk
cindhe tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujude sabuk cindhe katon selaras lan
timangan, kahanan iki kerep sinebut “cindhelaras”sanadyan amung wujud sabuk lan
timangan, barang iku darbe daya linuwih. Daya panguwasane sabuk cindhe kang
selaras lan timangan, ora gampang kalah yen ana jroning peperangan. Santri
Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyane kuwi Ki Ageng
Kedu uga diparingi wiji pari lan mbako supaya ditandur ing tlatah Kedu, awit ya
mung bumi kono kang bisa ditanduri mbako kanthi subur.
Sawise
padha imbal pangandikan sawatara Ki Ageng Kedu banjur mbacutake laku. Bramanti
ora bali ing Demak, malah melu Ki Ageng Kedu. Tekan ing desa Pendang Ki Ageng
Kedu kersa mapan ana kono, lan gawe omah kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu
tumuli miwiti syiar agama.
Winih pari
saka Bramanti mau aran pari Rajalele lan pari Cempa. Dene mbako utawa tembakau
nganti saiki sok disebut tembakau. Suwening suwe tlatah kono dadi subur. Ki
Ageng Kedu uga ingon-ingon bangsaning iwen. Salah siji klangenane yaiku pitik
jago ulese ireng mulus. Yen diedu tarunge pilih tandhing prasasat ora ana kang
bisa ngalahake.
Anggone
syiar agama Islam Ki Ageng Kedu ing Pendana nganti sawatara wektu. Ing
sawijining dina Ki Ageng Kedu kelingan marang garwane, lan banjur thukul rasa
kangene marang kang ditinggal ing padhepokan Argaluwih. Kamangka nalika
ditinggal kae Sri Lintang Kedhaton lagi nggarbini watara umur patang sasi.
Mesthine saiki ya wis lahir. Ki Ageng Kedu saya tuwuh rasa kangene. Mula banjur
kersa kondur ing padhepokan Argaluwih. Kondure ing Argoluwih didherekake Bah
Beo, dene Bah Gedruk tunggu omah.
Bramanti,
sawise ketemu kalawan Ki Ageng Kedu ora bali ing Demak, nanging malah nyuwita
marang Ki Ageng Kedu. Dening Ki Ageng Kedu, Bramanti dipasrahi supaya nggarap
lemah ing tlaah Balongan mangetan. Klakon Bramanti nggarap lemah Balongan,
kabeh di tanduri pari Cempa lan Rajalele. Bramanti uga yasa masjid, lan banjur
salin asma Ki Ageng Parak. Nganti sedane, Ki Ageng Parak banjur disarekake ana
ing sakuloning masjid. Saiki tlatah kono dadi kutha kang sinebut Parakan.
KI Ageng Kedu (Ki Ageng Makukuhan)
Eling Karo Garwa
Ora kroso
yen enggone nindakake dhawuhe Ki Jenggot Putih wis sauntara suwe pitung tahun
lawase nganti ora kelingan kang garwa kang kinasih wektu iku lagi mbobot patang
wulan.
Sauntara
Ki Ageng nimbali loro abdine Bah Gedruk lan Bah Beo semono uga Bramanti kang
wis ono sisihe Ki Ageng. Ki Ageng dangu klawan Bramanti, “Sampeyan dakpasrahi
olah tetanen sawah ono Balongan. Iki tandurono pari rojolele lan palawija, Bah
Beo sambangono poro tani ono ing Pager Gunung, Bah Gedruk supaya tunggu omah karo ngopeni iwen ono punthuk
Kedu, ing kono santri wanito Nyi Rantam, Nyi Gambir, Nyi Gadu.” Sawise Ki Ageng
paring dhawuhmarang katelu pendhereke, Ki Ageng pamitan kondur menyang
Argoluwih, ono padhepokan kang Romo Syeh Maulana Gharibi (Hardo Pikukuh).
Satekane padhepokan rumangsa kaget, ing plataran kok ono wanito lagi nuntun
bocah cilik opo bener iku putraku nang tengene katon eyange Hardo Pikukuh.
Kondure Ki Ageng Makukuhan (Ki Ageng Kedu) gawe tambah tentrem ing padhepokan
poro santri enggone ngaji soyo sregep wirid tasbih lan sakliyane, karo nyawang
Ki Ageng Kedu putro sagarwane katon sumyah ono palenggahan dalem.
Kaya adat
saben ing padhrpokan Argoluwih nganakake kataman ing pendhak sasi. Nanging
kabeneran bale lagi podho lenggahan antarane Syeh Gharibi, Lintang Kedhaton, Ki
Ageng Kedu, lan putrane Qosim Abdullah, lagi rerembugan putrane Qosim Abdullah
arep dipondhokake nang Cirebon ono Gunung Jati, semono uga kurang luwih siji
setengah tahun Ki Ageng Kondur ono Argoluwih, semono uga Ki Ageng nyuwun karo
garwane Lintang Kedhaton (Siti Syarifah Ambariyah) palilahe arep mbacutake
kajibahan kang abot dhawuhe Kanjeng Sunan Kalijaga bopo gurune Ki Jenggot
Putih, syiar agama ing tlatah Kedu.
V.
Ki
Ageng Kedu Ing Garung
Ing
ereng-ereng gunung Sindoro sisih kulon ana desa, yaiku desa Garung. Nalika
samana Garung kuwi isih wujud alas gung liwang-liwungkang kebak ing ri bandhil
bobondhotan. Para kawula kang padha mapan ing sakiwa tengene alas Garung
racak-racak durung andarbeni kapinteran kang mirunggan kanggo olah tetanen.
Kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dinane, padha mbebedhag buron alas kang
pancen cacahe tanpa wilangan. Kahanan iki kabeh wus kapirsan dening Ki Ageng
Kedu. Miturut pamawase, tlatah Garung sayektine trep banget kalamun kinarya
tandur pari. Awit lemah Garung kuwi klebu lemah kang subur, tur ta ana sumber
kang banyune ajeg mili minter tan ana kendhate, sajake prayoga yen kanggo ngoncori pesawahan.
Ki Ageng
Kedu, sawise nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan ngendikane penggalihane
iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan wektu, wus akeh pawongan kang
padha nyengkuyung kersane Ki Ageng Kedu. Pakaryan gedhe mau tumuli diwiwiti,
babat alas, gawe pesawahan lan pategalan. Gedhe cilik, tuwa enom, tumandang
bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman dingo mbabati glagah
alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Dene para wadon olah pangan, nggodhog
tela nggarut lan ngganyong.
Ing
saben-saben nindakake pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabeh kang makarya
padha leyeh-leyeh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon. Warna-warna
solahe. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana kang turon
sendhen wit-witan gedhe tur ayom.
Kawula
wewengkon Garung isih padha ngrasuk agama Hindu Budha. Among kepiye mungguh
cara lan adate agama kuwi nalika samana durung kinawruhan kanthi cetha. Anane
padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa dimangerteni awit jaman iku kalebu jaman majapahit
pungkasan. Dadi isih akeh tabet-tabet kapercayan saka kerajaan gedhe iku.
Ki Ageng Kedu ngerti yen kawula ing Garung isih duweni kapercayan
marang agama Hindu Budha. Tur ta prasasat kabeh durung ngawruhi marang agama
Islam ditrepake kalawan wewarahe Sunan Kalijaga, yaiku kanthi cara olah
tetanen.
Pakaryan
babat alas lan wiwiti tandur sepisanan mujudake pakaryan kang ora kena sinangga
entheng. Pakryan iku saliyane mbutuhake tenaga bahu, uga butuh petung kang
njlimet. Mula nalika lagi padha leren saka anggone nyambut gawe, Ki Ageng Kedu
nggunakake swasana iki. Ki Ageng Kedu nyedhaki salah sijining pawongan, lan
takon kanthi ulat kang sumeh.
“Paman,
aku tuduhna ing ngendi ana banyu kang bening?”
Pawongan
kang tinakonan wangsulan, “radi tebih saking papan ngriki wonten pancuran ageng
ingkang toyanipun wening, mangga kula dherekaken Ki Ageng.”
Ki Ageng
Kedu nuli tindak nggoleki dununge banyu kuwi, lan lakune mesthi ditutake
sawetara pawongan. Tekan papaning banyu Ki Ageng enggal nindakake wudlu. Solahe
sarwa sareh, ing pamrih supaya digatekake sing padha ndherekake. Rampung wudlu,
tumuli bali ing papan sakawit. Ki Ageng Kedu takon maneh ing ngendi pernahe
keblat kulon. Para kawula Garung saur manuk nggone wangsulan sarta anuding
tudhuh arah.
“Mrika, Ki
Ageng.” Ki Ageng Kedu lon-lonan nglukar jubah, jinereng ing sangarepe nggone
jumeneng, tumuli miwiti shalat Dhuhur nganti rampung. Wong-wong padha
nggatekake apa kang lagi ditindake Ki Ageng Kedu. Akeh kang padha nggumun. Ki
Ageng kuwi lagi perlu apa? Bathine werna-werna.
Ki Ageng
Kedu mangerteni yen tansah dadi kawigatene para wong-wong mau, nanging api-api
ora pirsa. Sawise rampung anggone nindakake shalat, Ki Ageng Kedu banjur
ndongeng lelakone para nabi anggone olah tetanen. Kaya ta caritane nabi Yusup
ora lali tansah nindakake shalat, kang perlune manembah lan nyuwun marang Gusti
Allah supaya tandurane bias subur lan kinalisake saka ama tanduran. Akeh para
tani kang padha kepranan marang dongenge Ki Ageng, kang ya pancen pinter crita.
Mula wong-wong Garung sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakake Ki
Ageng. Temahan suwening-suwe kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.
Dadi, kaya
mangkono kuwi carane Ki Ageng anggone syiar agama Islam luwih dhisik nganggo
cara mulang carane olah tetanen. Kabeh ditindakake kanthi lon-lonan manut
kadiwasaning kawula. Sawise sawatara sasi nggone wong-wong Garung ngolah
tetanen wiwit katon asile. Apa kang tinandur thukul subur. Kahanan iki saya
amimbuhi rasa tresnane wong Garung marang Ki Ageng Kedu. Mula wong-wong Garung
tansah ngagungake Ki Ageng.
VI.
Ki
Ageng Makukuhan Dicegat Grombolan Branjang Alas
Ki Ageng
Kedu wis klakon ngislamake Garung. Sawise sawatara dudunung ing Garung, Ki
Ageng Kedu nerusake laku. Tindake tansah didherekake Bah Beo. Nalika tindake
tekan desa Kabluk, dumadakan dicegat grombolan kang kondhang kawengisane ing
wewengkon kono. Grombolan iki watake kejem lan ora wegah gawe papati.
Tetuwaning grombolan aran Branjang Alas. Kabeh andhahane Branjang Alas
racak-racak praenane serem. Branjang Alas nggetak kanthi swara sora, supaya Ki
Ageng Kedu mudhun saka gigiring jaran. Nanging Ki Ageng ora gelem mudhun. Gelem
mudhun, yen Branjang Alas gelem mangsuli pitakone. Branjang Alas kaya ditepak
mbun-mbunane, dadi saya nesu. Meruhi patrape Branjang Alas iki, Bah Beo mudhun
saka jaran lan genti nantang perang tandhing Branjang Alas.
Ora suwe
Bah Beo klakon gelut mungsuh Branjang Alas. Wekasan Branjang Alas mati saka
tangane Bah Beo. Wruh tutuwane mati, andhahane Branjang Alas padha mlayu sipat
kuping, wedi marang tandange Bah Beo. Branjang Alas dikubur ing Kabluk kono.
Ki Ageng
Kedu banjur mbacutake laku tumuju Tlahap sandhuwure Kwadungan Krincing isih
tlatah padesan Pager Gunung. Ing pengkolan kono wis ana pawongan pirang-pirang
sangisore wit randu alas kang gedene banget sing dipandegani dening Ki Lurah
Tejo Manggolo toto praupane nggegirisi lan dadi panguwasane daerah ngerenge
Gunung Sumbing sisih lor, Ki Lurah menehi obo-obo karo nom-noman supaya nyegat
pawongan kang agemane sarwo ireng, ora liya ya Ki Ageng Kedu (Makukuhan),
kanoman kang awake santoso banjur nggertak : “He…kisanak, muduna saka jaranmu”,
kanthi soro banget kanoman mau anggone nyopo, namun Ki Ageng Makukuhan (Ki
Ageng Kedu) lan pendhereke Bah Gedruk,Bah Beo ora kaget maneh wis biasa ngadhepi
karo pawongan kang bengis lan galak. Pawongan kang dianggep paling kuwasa yaiku
Ki Lurah Tejo Manggolo banjur nyaketi karo nyapa : “kisanak apa bener kowe kang
nglagak dadi wong kang panguwoso ing pager gunung kene?”, karo ngguyu ngakak.
“Sopo aranmu?” saut Bah Gedruk. “Sombong banget wong kuwi.” Bah Gedruk mudun
banjur, “he…wong elek”, namun Ki Ageng Kedu banjur menggak. Tekan dalan
pengkolan tindhake diadhang sawatara nom-noman kang ora seneng marang Ki Ageng
Kedu. Ngadhepi kedadean iki Ki Ageng malah nandukake ulat kang manis marang
para nom-noman iku, sarta nuding marang salah sijine kang awake santosa, Ki
Ageng Kedu paring sasmita. Nanging nom-noman kuwi malah lon-lonan nyedhak
banjur nyuwun pangapura. Sabanjure kanca-kanca uga melu nyuwun ngapura.
VII.
Ki
Ageng Kedu Katimbalan Ing Kudus
Ki Ageng
Kedu wis bisa nindakake syiar agama Islam kanthi rancang. Kabeh mau bisa klakon
awit saka wewarahe Sunan Kalijaga, supaya anggone syiar agama nganggo cara olah
tani mbako lan pari.
Kabar Ki
Ageng Kedu sembada syiar agama lan gawe suburing tlatah Kedu sumebar
saindenging kadipaten. Malah kabar mau nganti keprungu tekan ing Kudus. Sunan
Kudus nalika krungu pawarta yen ing Kedu wis klakon subur, banjur karsa nimbali
Ki Ageng Kedu supaya atur palapuran, apa bener kabar kuwi. Ki Ageng Kedu ora
suwala ditimbali Sunan Kudus. Tindake ijen tanpa rowang. Ora lali Ki Ageng Kedu
nggawa klangenane pitik jago sing ulese ireng mulus. Ing batin jago kuwi nedya
didu mungsuh jagone Sunan Kudus, awit Ki Ageng Kedu ya wis pirsa yen Sunan Kudus
iku uga marem marang adu jago. Anggone lumaku tanpa tunggangan, nanging mabur.
Kaluwihan bisa mabur kuwi awit saka paringane Ki Jenggot Putih lan Sunan
Kalijaga. Patrape Ki Ageng Kedu kang mangkono sayektine mung nedya pamer marang
wong-wong ing Kudus.
Kabeneran
pendapa masjid ana patemon para santri. Jroning patemon kuwi padha kumpul
santri-santri kang dipangarsani Sunan Kudus. Ing antarane para santri, ana
ponakane Sam Po sing jenenge Tie Lieng Sieng. Nalika Ki Ageng Kedu tekan ing
papan kono, ora enggal mudhun, malah mabur ngubengi masjid. Weruh patrape Ki
Ageng Kedu kang kaya mangkono kuwi, Sunan Kudus duka. Mula banjur dhawuh salah
siji santri supaya nyawat Ki Ageng Kedu nganggo tampah sing kapinujon ana
sacedhake pendapa. Klakon Ki Ageng Kedu dibalang tampah. Nanging tampah kuwi
banjur ditumpaki Ki Ageng Kedu. Kocapa, ndulu patrape Ki Ageng Kedu iki, Sam Po
kobong atine, nuli njupuk isining who bendha. Who bendha disawatake ngenani Ki
Ageng Kedu, tiba kalenggak, kecemplung ing peceren kang banyune jember. Jubahe
Ki Ageng Kedu reged kabeh kebak blethok. Ki Ageng Kedu lingsem banget, ngrasa
kawirangan. Papan tibaning Ki Ageng Kedu mau saiki dadi pasar jember, saka
tembung papan kang jember. Dununge ora adoh saka menara Kudus.
Kedadeyan
Ki Ageng Kedu mabur iki dadi kembang lambene kawula sakiwa tengene kono.
Sawise
lelakon iki Ki Ageng Kedu banjur mapan ing desa Gribig. Ki Ageng Kedu noto
penggalihe sauntoro lenggah nang Gribig, karo ngasto masjid kang sokone lan
dudure tanpo sambungan, ono sumber kang nganti seprene ora asat, sumber mau sok
kanggo wudlu Ki Ageng, sehingga seprene sumber iku isih ana. Kanthi tenger
sumber Coyo, ing Gribig Ki Ageng Kedu sawentoro karo mbalekake kasekten sing
wis ilang kena dayane kasekten Sunan Kudus, ora suwe anggon prihatin ing ono
pawongan sing wis sepuh, ora liya pawongan iku kanga ran Ki Buyut, yaiku bapa
gurune Ki Ageng Kedu lagi isih muda, banget remene Ki Ageng Kedu awit rawuhe
bapa gurune, lan ora suwe kasektene Ki Ageng Kedu bisa pulih kaya maune, sawise
suwi Ki Buyut enggal-enggal kondur.
Bareng
rada sawetara dina, Ki Ageng Kedu krungu kabar yen ing desa Glagahwangi ana
adon-adon jago. Jagone Sunan Kudus uga bakal ngetoni. Jagone Sunan Kudus kuwi
wis kondang pilih tandhing, tur salawase ora tau kalah. Ki Ageng Kedu melu
ngetoni adon-adon. Wah, rame tenan adon-adon kuwi. Sing nonton jejel riyel,
prasasat ora kena dipiyak. Jagone Sunan Kudus pancen ampuh tenan. Akeh jago
sing padha kalah ora nganti ndadak nganggo mbanyu. Nanging kocapa, bareng
jagone Sunan Kudus klakon mungsuh lawan jagone Ki Ageng Kedu lagi oleh
tandhing. Tarunge rame. Wekasane jagone Ki Ageng Kedu bisa ngalahake jagone
Sunan Kudus. Sabenere Sunan Kudus enggone nganakake adonan jago kuwi mung
kanggo ngumpulake sanak kadang padesan ana alun-alun menisan ngupadi pawongan
kang sauntoro suwe ditunggu ora sowan, ora ana liya Ki Ageng Kedu, Sunan Kudus
duwe cara supaya Ki Ageng Kedu enggal ketemu, mulane nganakake adonan jago,
ngerti yen Ki Ageng Kedu duwe klangenan jago kang pilih tandhing wujude ireng mulus
yo cemani podho aremane kagungan Ki Ageng Kedu. Ngerti yen jagone Sunan Kudus
kalah age-age Sunan Kudus nimbali satriane diutus supaya sowan saiki uga
pawongan kang menang ngalahake jagoku. Santri enggal ngupadi pawongan kang
agemane sarwo ireng, santri mau banjur nyalami Ki Ageng Kedu, karo wedi santri
mau banjur matur namun Ki Ageng Kedu wis tanggap yen ditimbali Sunan Kudus, ora
dangu Ki Ageng Kedu sowan ana ngersane Sunan Kudus nang daleme Tie Lieng Sieng.
Para santri wis nyiapake dhaharan kanggo ngormat Ki Ageng Kedu, kabeneran ing
kono kajaba santrine Ki Tie Lieng Sieng uga wis ditunggu sesepuh, Syeh
Jangkung, Ki buyut loro iku mau bapa gurune Ki Ageng Kedu (Makukuhan). Syeh
Jangkung nyopo luwih dhisik “Dhasar isih muda bagus maneh, kene ngger…”,
enggone ngalem marang muride. Ki Ageng Kedu banjur salam karo ngrangkul
pundhake Ki Ageng Kedu, kabeh padha mlongo ningali Sunan Kudus roso kaget dak
kira arep duka karo Ki Ageng Kedu, nanging malah padha guyonan kaya anak karo
bapa. Kanthi kabeh wis sami dhahar, padha ngrembug enggone duweni tanggungan
syiar agama nang daerahe dewe-dewe nanging ora ngira kabeh sesepuh wis padha
sepakat yen Ki Ageng Kedu bakal diparingi putrid biyongan isih putra santri
kang sesilih Raden Ayu Sulasmi, Sunan Kudus nglengganani. Banjur ngendika
marang Ki Ageng Kedu, “Saiki sira nerusna anggonmu syiar agama Islam ing Kedu.
Lan sira tak jodhohake kalawan RA SUlasmi. Muga-muga kabeh lelakon iki ana
hikmahe.”
Kalawan RA
Sulasmi, Ki Ageng Kedu patutan 4 yaiku : 1) R. Hasan Dhadungawuk, 2) R. Hasan
Sadzali, 3) Rr. Sulastri, lan 4) R. Hasan Munadi
VIII.
Pangeran
Trenggono Ngabdi Wonten Kedu
Adipati
Pancad Tondo kagungan wayah saka pangeran Kudus kaliyan putrinipun paring asma
pangeran Trenggono. Kang wayah dipun gulawenthah saka umur telung tahun nganti
ngancik dewasa kabeh ilmune wis kaparingake ora ana sing kelewatan. Kang eyang
kagungan pesen karo kang wayah, “Pangeran Trenggono ngger…putu ningsun. Mbok
menawa pada paring umur panjang, aja sira nganggo ilmu paringane eyang agawe
perang sedulur, eyang wis tutug turun kaping pitu. Sebab perang sedulur kuwi
gawe rekasane kawula cilik, lan maneh akeh pagebluk, pepati rono rene, wong
padesan ora bisa nggarap sawahe pada kekurangan pangan mulane sira ngger dadia
wong tumbuk waru wae. Dadia wong kang bodho nanging ngerti, dadi wong pinter
tapi wicaksono, nduweni rasa asih karo sapadane. Ngger putu ningsun, kaya eyang
wis akeh paring ilmu, ananging sanajan ilmu wis tak paringake kabeh uga isih
kurang pramulane sira sowano ana ing Syeh Maulana Gharibi (Ki Ageng Gribig) ana
ing Klaten”.
Sauntara
tahun Pangeran Trenggono anggone ngangsu kawruh saiki wis yuswa 40 tahun saka
pangandikane, “Ngger…Pangeran Trenggono, tindakna pamuji. Sak suwene nindake
pamuji, kanjeng Sunan Kalijaga nemoni Pangeran Trenggono lan uga maringi
pangandikan kathah-kathah lan uga terusna awakmu anggone ngangsu kawruh supaya
suwita ana Ki Ageng Kedu ing Temanggung”. Suwitanipun Pangeran Trenggono dipun
tampi kaliyan Ki Ageng Kedu (Makukuhan) menisan dipundhut mantu pikantuk putra
putri ingkang asma Kembang Arum, lajeng apeputra Cakrawesi kaliyan Ragil
Kuning.
IX.
Ki
Ageng Kedu Seda (1497)
Asmane Ki
Ageng Kedu ngambar arum ing saindhenging tlatah gunung Sumbing lan Sindoro.
Awit saka darmane mau, prasasat kabeh kawula Sumbing Sindoro padha ngagungake
asmane, luwih-luwih murid-muride. Mula, nalika Ki Ageng Kedu seda ing desa
Kedu, jisime dinggo rebutan para kawula Sumbing Sindoro sarta para murid. Kabeh
padha kepingin ngurmati Ki Ageng Kedu kanthi cara ngrukti ing papane
dhewe-dhewe. Ana sing kepingin Ki Ageng Kedu disarekake ing gunung Sumbing, ana
sing kepingin ing gunung Sindoro. Dredah rebutan jisim iki, dumadi ana ing kali
Galeh, yaiku wates antarane gunung Sumbing lan Sindoro. Malah, Ki Ageng Bagelen
uga melu anengahi murih ora padha regejegan.
Wusanane
ditetepake, yen Ki Ageng Kedu bakal disarekake ing gunung sumbing. Upacara
pangruktining jisim dintindakake para murid ing gunung Sumbing. Klakon,
kunarpane Ki Ageng Kedu dipikul, digawa munggah tumuju puncak Sumbing. Tekan
sacedhake desa Dekol. Leren sawetara sinambi ngombe. Papan kanggo leren kuwi
saiki dadi desa Ndayan. Sawise asat kringete, banjur wiwit mlaku maneh. Nganti tekan sawijining
papan, ana salah siji kang pengin
bebuwang. Mula, lakune mandheg maneh. Papan kono saiki diarani desa Pablengan.
Tekan ing desa Cepit pagergunung, leren maneh kanggo nindakake sembahyang.
Papan kanggo sembahyang kuwi, saiki dijenengake Keramat ing Dhukuh Wonosari.
Lakune
ngliwati Watu Lawang, lan liwat ara-ara wedhi. Iki sawijining laku sing abot,
mulo bareng wis tekan ara-ara wedhi, kabeh padha krasa kesel. Saking kesele
nganti padha keturon, lali marang jisime Ki Ageng Kedu. Bareng nglilir, kabeh
padha kaget, awit jisime Ki Ageng Kedu ilang saka papan. Digoleki mrana-mrene
ora ketemu. Sayektine Ki Ageng Kedu wis mukswa saragane. Dadi, sanadyan
digolekana ya tetep ora ketemu.
Dene
luwangan sing wis kebacut digawe, ora sida kanggo. Sanadyan mangkono. Luwangan
iki krana pangwasaning Gusti Allah kadunungan daya ghaib. Sok sapa sing bisa
mlebu ing sajroning luwangan mau, bisa darbeni kasekten kang linuwih.
Saka
lelakon sedane Ki Ageng Kedu mau, ana petilasan-petilasan sing nganti saiki
dadi pundhen utawa kanggo papan upaacara slametan desa. Papan-papan kuwi yaiku
:
1. Desa
Delok papan kanggo leren ngombe, ana tuk sing diarani Tuk Dayan
2. Desa
Cepit pagergunung : papan kanggo bebuwang, ana tuk sing diarani tuk Pablengan
3. Desa
Dhukuh Wonosari : papan sembahyang, sing saiki disebut Kramat. Ing kono ana
muride Ki Ageng Kedu sing nerusake piwulange, yaiku Nyi Rantamsari, Nyi
Gambirwangi lan Gadhungmlati
4. Papan
sing wiwitan bakal kanggo ngrukti Ki Ageng Kedu sepisanan, yaiku ing Watu Kasur
5. Papan
musnane Ki Ageng Kedu ing ara-ara wedhi nganti saiki isih ana krikil kang
ditata minangka tandha
6. Dene
pesareyane Ki Ageng Kedu kang sejati amung bisa dikawruhi dening kang ndarbeni
niat suci lan ikhlas, tur antuk nugrahaning Gusti Allah.
SOROSILAH
KI AGENG KEDU
|
|||||
SYEH
MAULANA TAQWIM
|
|||||
|
|||||
KI AGENG BRONDONG
|
|||||
1. SYARIF HIDAYAT
|
2. SYARIF MUALIM
|
3. SITI AMINAH
|
|||
MA KAUW HAN / KI AGENG KEDU
|
|||||
I. SITI SYARIFAH AMBARIYAH
|
TEMPAT PEMAKAMAN :
|
||||
1. QOSIM ABDULLAH
|
|||||
2. SEKAR KEDATON
|
KI AGENG BRONDONG
|
dim
|
BRONDONG, JATIM
|
||
KI AGENG KEDU (MA KAW HAN)
|
dim
|
KEDU, TEMANGGUNG
|
|||
II. RA SULASMI
|
SITI SYARIFAH AMBARIYAH
|
dim
|
MBUKUR, PEKALONGAN
|
||
1. R RAHMAT HASAN DADUNG AWUK
|
QOSIM ABDULLAH
|
dim
|
KAUMAN, PEKALONGAN
|
||
2. R RAHMAT HASAN SADZALI
|
KEMBANG ARUM (SEKAR KEDATON)
|
dim
|
SEWU, BANTUL
|
||
3. R R SITI SULASTRI
|
RA SULASMI
|
dim
|
GERIBIK, KUDUS
|
||
4. R RAHMAT HASAN MUNADI
|
R RAHMAT HASAN DADUNG AWUK
|
dim
|
REJENO PUNCAK MURIA
|
||
R RAHMAT HASAN SADZALI
|
dim
|
REJENO PUNCAK MURIA
|
|||
III. RA TELASIH ( NINI SRIWARDANI)
|
R R SITI SULASTRI
|
dim
|
GERIBIK, KUDUS
|
||
MENANTU:
|
R RAHMAT HASAN MUNADI
|
dim
|
GERIBIK, KUDUS
|
||
SULTAN TRENGGONO III SEKAR KEDATON
|
R COKRO SEKTI
|
dim
|
NYAT NYONO, UNGARAN
|
||
1. R COKRO SEKTI
|
R SURO SEKTI
|
dim
|
SEWU, BANTUL
|
||
2. R SURO SEKTI
|
RA TELASIH ( NINI SRIWARDANI)
|
dim
|
GEDUNG KUNING, JOGJA
|
||
****************************************************************************************************************
Terimakasih atas diskripsinya sangat bermanfaat sekali buat saya dan orang Temanggung
BalasHapusBisa mengetahui sejarah perjalanan Mbah kyai Makukuhan dari awal samapai akhir...
🙏🙏🙏👍👍👍👍
Sama2 semoga sejarah kedu tetap terjaga
BalasHapusms, ada sumber yg menyebut Sunan Kedu berputra Kyai Tumenggung Sendhi Urawan, apa ada penjelasan terkait hal ini mas?
BalasHapus